Minggu, 23 Agustus 2015

Khutbah Idul Fitri bahasa jawa : Wangsul Dateng Fithrah




 (9x)اللهُ أَكْبَرُ  كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَّأَصِيْلاً لآإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّجُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ لآإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنُ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْمُنَافِقُوْنَ. الْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ جَعَلَ رَمَضَانَ شَهْرُ الصِّيَامِ لِلْمُؤْمِنِيْنَ، وَجَعَلَ عِيْدَ الْفِطْرِ ضِيَافَةً لِلصَّائِمِيْنَ، وَفَرْحَةً لِلْمُتَّقِيْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لآإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، صَادِقُ الْوَعْدِ الأَمِيْن، اللهم فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلىَ آلهِ وَأَصْحَابِ الْكِرَامِ، وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا كَثِيْرًا ، أَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْن

Ma’asyiral Muslimin, Jamaah Sholat ‘Ied Rahimakumullah,
 
Minongko purwokaning atur monggo kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngarso dalem Allah, awit sampun paring kanugrahan lan nikmat ingkang tanpo kawical wical, langkung langkung rohmat kawilujengan lan yuswo panjang dateng kito sedoyo, sahinggo enjing puniko kito tasih saget menangi malih dinten riyadin `Iedul Fithri, lan saget makempal ing masjid puniko kanti tanpo manggih rubedo satunggal punopo. Amin ya robbal alamin.
Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak soho keluargo kulo piyambak, lan panjenengan sedoyo, monggo tansah sami sesarengan berikhtiyar netepi taqwa lan ajrih dateng Allah swt. ing sakdengah kawontenan, wonten ing kawontenan bingah utawi susah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman,  kanthi tansah  nindakaken perintah lan nebihi sedoyo cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan  dunyo ngantos akhirat saking ngarsodalem Allah Subhanahu wa Ta’ala ,  Kados dawuhipun Allah :

"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwo lan wong wong kang pada agawe becik” . (QS. An Nahl :128). 

Ma’asyiral Muslimin, Jamaah Sholat ‘Ied Rahimakumullah,
Duka ingkang kaping pinten, enjang punika kita saged nglampahi `Iedul Fithri.  `Iedul Fithri bade tansah kedadosan malih saben tahun, milo mesti wonten hikmah utawi piwucal ingkang saged kita pendhet saking mriku. Piwucal ingkang saged kito pendet  kanthi cepet inggih puniko piwucal supados kito wangsul dateng fithroh kito minongko manungso, wangsul dateng asal mula bukanipun manungsa, sinten sejatinipun lan kangge napa wontenipun.

Ingkang kawitan, fithrahipun manungsa punika makhluk ingkang dipun damel dening Gusti Allah. Mboten jalaran kita ingkang kepengin lajeng kita wujud. Ugi mboten jalaran kepenginipun bapak ibu. Nyatanipun, mboten saking kawitan kita ngertos bilih kita punika manungsa. Tunggu ngantos paling mboten pitung tahun kita nembe ngertos bilih kita punika manungsa.
Nyatanipun, kathah lare ingkang lahiripun mboten dipun kepengini bapak ibunipun, nembe lahir lajeng dipun bucal, utawi dipun tilar, utawi malah awit taksih wonten lebet wetengan, tiyang sepuhipun sampun ngupayaaken sak sagedipun bade ngguguraken. Sewangsulipun, kathah tiyang sepuh ingkang ngotot sanget supados gadhah anak ingkang mangkenipun bade dados manungsa, nyatanipun malah mboten kasil.
Dados, sepisan malih, ingkang kawitan kedah dipun sadari, manungsa, kita sedaya nggih manungsa, punika makhluk, dipun damel, dipun ciptaaken.

Ma’asyiral Muslimin, Jamaah Sholat ‘Ied Rahimakumullah,
Wonten ingkang dipun damel mesthine wonten ingkang ndamel. Wonten makhluk mesthi wonten Khaliq. Al-Khaliq nyiptaaken manungsa mesthi mboten namung iseng utawi dolanan tanpa hikmah lan tanpa tujuan. Wonten surah Al-Mu`minun 115 Allah Ta`ala ngendika :
 “Terus, apa kowe kabeh ngira  menawa Ingsun nyiptaaken kowe kabeh mung nggo dolanan thok? Lan menawa kowe kabeh ora arep dibalekake maring Panjenengan Ingsun?” (Al-Mu`minun 115)

Mesthi mawon mboten nggih? Lajeng tujuan dipun damelipun manungsa punika kanthi cetha dipun ngendikaaken Gusti Allah wonten surat Adz-Dzariyat  56 :
 “Lan Ingsun ora nyiptaaken jin lan manungsa kejaba supaya jin lan manungsa mau pada ngawula bekti maring Panjenengan Ingsun.” (Adz-Dzariyat  56).
Dados, sak sampunipun kita, para manungsa ngaku minangka makhluk, kita mboten kenging nglirwaaken tujuan kita diciptaaken, nggih punika ngawula bekti, ngibadah. Manungsa ingkang mboten purun ngawula bekti dateng Gusti Allah ingkang sampun ndamel piyambake, berarti mboten ngertos utawi mboten nyadari fithrahipun.
Amargi kathah tiyang ingkang kados mekaten, mila Gusti ingkang Maha Mirah lan Welas Asih kanthi ajeg lan teras-terasan maringi pepeling supados manungsa mboten kebablasen mboten ngertos lan mboten sadar. Pepeling kala wau nggih `Iedul Fithri punika.

Ma’asyiral Muslimin, Jamaah Sholat ‘Ied Rahimakumullah,
Arti ngawula bekti punika ndadosaken awak kota dados kawulanipun gusti ingkang dipun kawulani. Gusti ingkang dipun kawulani mboten sanes nggih Gusti Allah SWT. Ngawula dateng Gusti Allah mboten cekap namung ngaken dados kawulanipuin thok. Ngawula punika kedah purun tansah nglampahi dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Tiyang ingkang sampun saged kados mekaten kawastanan “muttaqien” wong kang takwa. Lan menikalah tujuan kita didhawuhi siyam kados ingkang nembe kita lampahi. Tujuan punika, Insya Allah, mboten mustahil saged dipun kasilaken sinten kemawon angger nalika siyam tiyang wau buka lan sauripun ingkang halal lan mboten nate ngendikan ingkang awon lan mboten nglampahi ingkang mboten sae. Timbang ngendikan ingkang awon langkung sae mendel lan timbang nglampahi ingkang mboten sae langkung sae tilem.
Kewajiban ngawula dateng Allah keraos sanget pribadi, kangge piyambak thok. Ing mangka manungsa punika makhluk ingkang langkung remen gesang sesarengan  Mila mesthi wonten kewajiban sanes ingkang murakabi dateng masyarakat. Punapa niku?
Nalika Gusti Allah bade nyiptaaken manungsa,  Wonten surah Al-Baqoroh 30 Allah Ta`ala ngendika :
 “ Elingo arikalane  Pengeranmu  dawuh  marang  poro  malaikat;  Sak temene, ingsun bakal ndadeake khalifah ono nduwur bumi iki,  banjur  malaikat  podo ngucap; Kenopo  Gusti Panjenengan kepingin ndadeaken  khalifah ana nduwur bumi,  tiyang  kolowau bakal  gawe  kerusaan ing  njerone  lan  bakal  podo  numpahno  getih,  Ingmongko  kito (poro malaikat)  tansah  maos tasbih  kanti  ngluhuraken penjenengan  lan tansah  nyuciaken  panjenengan?  Pengeran dawuh; Saktemene  ingsun  ngaweruhi  opo-opo  sing  ora  siro  weruhi  ” (Al-Baqoroh 30)

Khalifah tegesipun ingkang nggantosi, ingkang makili. Dados manungsa dipun damel Gusti Allah minangka wakilipun Gusti wonten sak lumahing bumi punika. Lan kewajiban pokok minangka khalifah punika nyebaraken  rahmat lan asih, ngrataaken keadilan lan mujudaken raos aman dateng sedayanipun. Mila, saestunipun, sedaya tiyang kedah ikhtiyar lan sak mangke wohing ikhtiyar ugi dipun unduh piyambak.
Nderek pangandikanipun  Imam Abu Ishaq asy-Syirozi , ingkang langsung diparingi Rasullah saw liwat impenipun :
“Sapa wonge kepengin slamet kudu gelem nggoleki slamete wong liya.”
Dados, sinten kemawon ingkang kepengin wilujeng , mboten kenging nglampahi perkawis ingkang saged damel mboten slametipun tiyang sanes, damel ruginipun tiyang sanes. Saged dipun terasaaken, sinten kepengin wontenipun keadilan mboten kenging mboten adil. Sinten kepengin aman  mboten kenging damel mboten amanipun tiyang sanes.
Ma’asyiral Muslimin, Jamaah Sholat ‘Ied Rahimakumullah,
Wosipun, `Iedul Fithri ngajak kita sedaya wangsul nyadari kita minangka makhluk lan  manungsa, ingkang kedah ngawula bekti lan dados khalifah Allah wonten ngalam dunya punika. Mangga kita upayakaken sesarengan.
Insya Allah kanthi makaten manungsa enggal saged wangsul dateng margi ingkang leres, nyingkiri perkawis ingkang boten sae lan sumonggo kita nyuwun wonten ngarso dalem Allah SWT mugi-mugi gesang kita dipun jembaraken dening Allah SWT saget ngamalaken tuntunan agami kanthi sak sae-saenipun, mugi-mugi gesang kita manfaat maslahat fid dunya wal akhirah. 

جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ وَاْلمَقْبُوْلِيْنَ وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ 



Khutbah II

الله أكبر ×٧ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَّأَصِيْلاً لآإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. اللَّهُمَّ لَكَ الْحَمْدُ كُلُّهُ وَلَكَ الشُّكْرُ كُلُّهُ وَإِلَيْكَ يَرْجِعُ اْلأَمْرُ كُلُّهُ عَلاَ نِيتُهُ وَسِرُّهُ، فَأَهْلٌ أَنْتَ أَنْ تُحْمَدَ، وَأَهْلٌ أَنْتَ أَنْ تُعْبَدَ، وَأَنْتَ عَليَ كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ. اللهم لَكَ الْحَمْدُ حَتَّي تَرْضَي، وَلَكَ الْحَمْدُ إِذاَ رَضِيْتَ وَلَكَ الْحَمْدُ بَعْدَ الرِّضاَ.  أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إِلَى رِضْواَنِهِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِناَ وَشَفِيْعِناَ وَمَوْلاَناَ مُحَمَّدٍ وَعَلىَ آلِهِ وَأَصْحاَبِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً كَثِيْرًا.   أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوااللهَ فِيْماَ أَمَرَ وَانْتَهَوْا فِيْماَ نَهَى وَزَجَرَ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ الله أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ بِقَوْلِهِ عَزَّ مِنْ قَائِل: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاَأيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَنْبِيَائِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلَائِكَتِكَ الْمُقَرَّبِيْنَ، وَارْضَ اَللَّهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الْمَهْدِيِّيْنَ: أَبِيْ بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيُّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَناَّ مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ ياَ أَرْحَمَ الراَّحِمِيْنَ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِناَتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِماَتِ اْلأَحْياَءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْواَتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَواَتِ ياَ قاَضِيَ الْحاَجاَتِ
اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أعْدَاءَ الدِّينِ وَاجْعَلْ دَائِرَةَ السُّوْءِ عَلَيْهِمْ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ
اللَّهُمَّ إِنّا نَسْأَلُكَ الْعَافِيَةَ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ اللَّهُمَّ إِنِّا نَسْأَلُكَ الْعَفْوَ وَالْعَافِيَةَ فِي دِينِنا وَدُنْيَاناَ وَأَهْلِنا وَمَالِنا اللَّهُمَّ اسْتُرْ عَوْراَتِنا وَآمِنْ رَوْعَاتِنا اللَّهُمَّ احْفَظْنَا مِنْ بَيْنِ أيْدِيناَ وَمِنْ خَلْفِنا وَعَنْ يَمِينِنَا وَعَنْ شِمَالِنا وَمِنْ فَوْقِنا ونَعُوذُ بِعَظَمَتِكَ أَنْ نُغْتَالَ مِنْ تَحْتِنا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلِّ اَللَّهُمَّ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ وَالْحَمْدُ ِللهِ رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهُ إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى الْقُربَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اكْبَرُ
السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

Silahkan baca juga >>>>:

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 
10 Khasiat dan manfaat Ayat Kursi: " 1. Sesiapa yang membaca ayat Kursi dengan istikamah setiap kali selesai sembahyang fardhu, setiap pagi dan petang, setiap kali masuk kerumah atau kepasar, setiap kali masuk ke tempat tidur dan musafir, insyaallah akan diamankan dari godaan syaitan dan kejahatan raja-raja (pemerintah) yang kejam, diselamatkan dari kejahatan manusia dan kejahatan binatang yang memudharatkan. Terpelihara dirinya dann keluarganya, anak-anak nya, hartanya, rumahnya dari kecurian, kebakaran dan kekaraman. 2. Terdapat keterangan dalam kitab Assarul Mufidah, barang siapa yang mengamalkan membaca ayat kursi, setiap kali membaca sebanyak 18 kali, inyaallah ia akan hidup berjiwa tauhid, dibukakan dada dengan berbagai hikmat, dimudahkan rezekinya, dinaikkan martabatnya, diberikan kepadanya pengaruh sehingga orang selalu segan kepadanya, diperlihara dari segala bencana dengan izin Allah s.w.t. 3. Seorang ulama Hindi mendengar dari salah seorang guru besarnya dari Abi Lababah r.a, membaca ayat Kursi sebanyak anggota sujud (7 kali) setiap hari ada benteng pertahanan Rasulallah s.a.w. 4. Syeikh Abul ‘Abas alBunni menerangkan: “Sesiapa membaca ayat Kursi sebanyak hitungan kata-katanya (50 kali), di tiupkan pada air hujan kemudian diminumnya, maka inysyaallah tuhan mencerdaskan akalnya dan memudahkan faham pada pelajaran yang dipelajari. 5. Sesiapa yang membaca ayat Kursi selepas sembahyang fardhu, Tuhan akan mengampunkan dosanya. Sesiapa yang membacanya ketika hendak tidur, terpelihara dari gangguan syaitan, dan sesiapa yang membacanya ketika ia marah, maka akan hilang rasa marahnya. 6. Syeikh alBuni menerangkan: Sesiapa yang membaca ayat Kursi sebanyak hitungan hurufnya (170 huruf), maka insyaallah, Tuhan akan memberi pertolongan dalam segala hal dan menunaikan segala hajatnya, dam melapangkan fikiranyan, diluluskan rezekinya, dihilangkan kedukaannya dan diberikan apa yang dituntutnya. 7. Barang siapa membaca ayat Kursi ketika hendak tidur, maka Tuhan mewakilkan dua malaikat yang menjaga selama tidurnya sampai pagi. 8. Abdurahman bin Auf menerangkan bahawa, ia apabila masuk kerumahnya dibaca ayat Kursi pada empat penjuru rumahnya dan mengharapkan dengan itu menjadi penjaga dan pelindung syaitan. 9. Syeikh Buni menerangkan: sesiapa yang takut terhadap serangan musuh hendaklah ia membuat garis lingkaran denga nisyarat nafas sambil membaca ayat Kuris. Kemudian ia masuk bersama jamaahnya kedalam garis lingkaran tersebut menghadap kearah musuh, sambil membaca ayat Kursi sebayak 50 kali, atau sebanayk 170 kali, insyaallah musuh tidak akan melihatnya dan tidak akan memudharatkannya. 10. Syeikul Kabir Muhyiddin Ibnul Arabi menerangkan bahawa; sesiapa yang membaca ayat Kursi sebayak 1000 kali dalam sehari semalam selama 40 hari, maka demi Allah, demi Rasul, demi alQuran yang mulia, Tuhan akan membukakan baginya pandangan rohani, dihasilkan yang dimaksud dan diberi pengaruh kepada manusia. (dari kitab Khawasul Qur’an)"