السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ
اللهِ وَبَرَاكَاتُهُ
الحَمْدُ
لله 2 الَذِى أَمَرَناَ أَنْ لاَ نَعْبُدَ إِلاَّ إِياَّهُ. وَأَمَرَناَ
كُلاًّ مِناَّ بِإِحْسَانِ وَالِدَيْهِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِله إِلاَّ الله
وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَه رَحِيْمٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ وَلِلْخَائِفِيْن اَمَاناً.
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدً رَسُوْلُ الله عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه . القَائِلُ لاَ
يَجْزِى وَلَدٌ وَالِدَهُ إِلاَّ يَجِدَهُ مَمْلُوْكاً فَيَشْتَرِيَهُ
لِيُعْتِقَهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّد وَعلَى آلِه
وَأَصْحَابِه حَمْلَةُ الهُدَى وَاْلبَيَان.
أَمَّا بَعْدُ –
فَيَا عِبَادَ اللهِ ! إِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْن وَأَطِيْعُوْا لَعَلَّكُمْ
تُفْلِحُوْنَ.
Ma’asyiral
Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,
Sak sampunipun
muji dumateng Alloh soho maos sholawat kunjuk dateng junjungan kito Nabi Agung
Muhammad SAW, kulo wasiat dumateng panjenengan sedoyo, ugi
dateng pribadi kulo piyambak, monggo samiyo nambahi taqwa dumateng Allah
SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan nglampahi punopo ingkang dipun
dawuhaken.
Lan kita kedah
mangertos, bilih kito sedoyo wonten ing alam dunyo puniko dipun ciptaaken
dening Allah SWT. mboten sanes inggeh namung ibadah lan ngabekti
dumateng perintahipun Allah SWT. Artosipun sedoyo gerak lampah kito, tumindak
kito, pangendikan soho pendamelan kito wonten dunyo meniko, kedah dipun landasi
minongko bukti ngawulo lan raos syukur dumateng Allah. Allah SWT sampun
ngendika:
وَماَ خَلَقْتُ
الْجِنَّ وَ اْلإِنْسَ إِلاَّ لِيَعْبُدُوْنِ
Ingkang artosipun:
“Aku ora ndadeake bongso jin lan manungso kejobo supoyo ngawulo maring
Ingsun (Allah SWT”)
Allah ugi ngendiko
wonten ing surat An-Nisa’ 36:
Artosipun: “ Ngabektiyo
siro kabeh marang Allah SWT, lan ojo siro kabeh pisan-pisan nyekutoake Allah
marang liyane, lan gaweo kabecikan marang wong tuwo loro, kerabat, anak-anak
yatim, wong-wong fakir miskin, tonggo kang cedak lan adoh, konco akrab, ibnu
sabil lan hamba sahayamu. Sak temene Allah iku ora seneng tumrap wong kang
sombong bangga marang awak dewene”. ( Qur’an surat an-Nisa
: 36).
Sak sampunipun
Allah merintah ngabekti, ibadah dumateng Allah, lajeng dipun susul kaliyan
perintah ngabekti dumateng tiyang sepah kekalih, lan meniko wajib kito lampahi
kanti ikhlas.
Menawi kito
penggalih, raos welas, raos asih ingkang ageng, ingkang kito raosaken,
sak sampunipun welasipunAllah, njih meniko raos welas asihipun tiyang
sepah kekaleh marang putranipun. Pramilo kanthi meniko, bektos dumateng tiyang
sepuh kekalih dumawah persis sak sampunipun bekti dumateng Allah SWT.
Kito saged
mangertosi rekasanipun ibu naliko ngandut. Lajeng
sak sampunipun putro lahir, Ibu kanthi ikhlas dahar ingkang
anyep-anyep, soho ingkang sarwo pahit kados jamu-jamu lan sak
sanese, supados putranipun tetap sehat wal afiyat. Naliko tiyang sepuh sare,
banjur tangi/wungu sebab mirengaken tangisipun bayi lan sak panunggalanipun.
Semanten ugi bapak ngupados nafkah soho biaya ingkang halal ingkang
mboten etangan. Kulit rumiyen kuning alus lajeng dados cemeng/ireng gosong,
badan rumiyen ageng kadang kantun balung kaliyan kulit. Sebab
ngeraosaken awratipun pados nafaqoh. Pramilo Sampun sak
mestinipun kito ngabekti dumateng tiyang sepah kekalih lan jagi
hak-hakipun .
Allah sampun dawuh
wonten ing surat Luqman: 14:
Ingkang artosipun:
“ Lan tak perintahake marang menungso kabeh supoyo agawe becik marang
wong tuwo lorone, ibune wis ngandut kanthi lemes lan tambah-tambah, lan nyapih
sak wuse 2 tahun, syukuro marang Aku (Allah) lan marang wong tuwo loromu, lan
namung marang Aku ( Allah) siro bakal bali”. ( Qur’an Surat Lukman:
14).
Milo monggo, manawi
tiyang sepuh kito sami taksih sugeng kedah kito mulya’aken, kito hormati,
kito wajib taat dateng perintahipun ingkang boten nyimpang saking syari’at
Islam. Nebihi sedoyo ingkang dadosaken kuciwo manahhipun tiyang sepah
kekalih, sebab…. saged kito tingali ing zaman ahir sak meniko kathah
sanget, putro kumowantun dumateng tiyang sepah kekalihipun, podo kurang ajar
dumateng wong tuwo loro, njangkar, kirang totokromo, kadang malah kebablasen ngantos
niya’- niyaaken ibu bapakipun, na’udzubillahi min dhalik. Prasasat tiyang
kolowau sampun nglampahi dosa ageng. Anamung piyambakipun mboten kraos,
Rosululloh paring dawuh :
أَكْبَر الْكَبَائر الآشْرَكُ بالله وقَتْل النفْس
وَعُقُوْقُ الوَلدَيْن وَقَوْل الزُوْر (رواه البخاري)
Artosipun :
dosa-dosa ingkang paling besar inggih puniko :
1. Nyekutoaken
dateng Alloh swt.
2. Mateni
dateng awak-awakan
3. Duroko
dateng tiyang sepah kekalih
4. Guneman
Awon utawi pendusta (Hadits Sahih 152)
Ma’asyiral
Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,
Menawi mederek
pengendikane rosululloh Muhammad SAW. bilih birrul walidain meniko anggadahi
khikmah ingkang ageng sanget, nuwun inggih saged ndatengaken kabejan kagem
piyambaipun, ugi Alloh nambahi dateng umuripun :
مَنْ بَر وَالده
طُوبَي لَهُ وَزَادَ اللهُ في عُمُره (رواه البخاري)
Artosipun : Sopo
wong kang agawe bagus marang wong tuwo lorone, mongko bakal bejo lan Alloh
bakal ndawa’ake umure (hadits shoheh 164)
Kosok wangsulipun
menawi tiyang meniko mboten kerso mbeciki dateng tiyang sepah kekalih, tentu
Alloh mboten bade ridho dumateng piyambaipun. Tiyang ingkang kados mekaten
termasuk tiyang ingkang rugi, keranten mboten saged mlebet suwarganipun
Alloh swt. Mekaten meniko miderek pengendikanipun Rosululloh saw. :
أرْبَعُ حَق علي
الله أن لآ يُدخلهُمْ الجَنَةَ وَلآيُديقهم نَعيْمَهَا : مُدْمنُ خَمْر،
وأكيل الربا، وَأكلُ مَال اليَتيْم بغَيْر حَق، والعَاقُ
لوَالدَيْه (رواه الحاكم)
Artosipun : Sekawan
haq menggah Alloh, Alloh mboten bade nglebetaken suwargo, lan mboten bade
ngraosaken nikmatipun suwargonipun Alloh : tiyang sekawan puniko…….
- Peminum khomer utawi pemabuk
- Pemakan harta riba termasuk rentenir
- Pemakan bandonipun anak yatim tanpa hak
- Tiyang ingkang kumowantun nyakiti dateng tiyang sepah kekalih (HR Khakim).
Menawi kito
tingali sangking hadits meniko, sok sinten mawon tiyange, ingkang kumowantun
dateng tiyang sepahipun, mongko tiyang kasebat ampun ngajeng- ngajeng dateng
suwarganipun Alloh swt.
Milo Minongko akhir
khutbah, monggo kito tansah enget bilih ridhonipun Allah meniko tergantung
ridhonipun tiyang sepah kekalih, semanten ugi bendunipun Allah, wonten ing
dalem bendunipun tiyang sepah kekalih.
رضي الله برض
الولدين وسخط الله في سخط الوالدين
Menawi tiyang sepuh
kito sami taksih sugeng kedah kito mulyaaken, taat marang perintahipun ingkang
boten nyimpang saking syari’at Islam. Menawi sampun sumare monggo kito do’a aken
minongko bektinipun putro dumateng tiyang sepah kekalih.
Ma’asyiral
Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,
Ahiripun…… Mugi-mugi
kito kagolong tiyang ingkang taat dumateng Allah, dumateng
rosul lan bekti dateng tiyang sepah kekalih. Amin ya robbal
alamin…
اَعُوْذُ باِلله
مِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ الله الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ. وَقَضى
رَبُّكَ أَنْ لاَ تَعْبُدُوْا إِلاَّ إِياَّهُ وَباِلْوَالِدَيْنِ إِحْساَناً
إِماَّ يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ اْلكِبَرَ أَحَدَهُمَا أَوْ كِلاَهُمَا فَلاَ تَقُل
لَهُمَا أُفٍّ وَلاَ تَنْهَرْهُماَ وَقُلْ لهَمُاَ قَوْلاً كَرِيْماً.
باَرَكَ اللهُ ليِ
وَلَكُمْ فيِ ْالقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ – وَنَفَعَنيِ وَإِياَّكُمْ بِمَا فِيْهِ
مِنَ اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْمِ – وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ
تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْم – أَقُوْلُ قَوْليِ هَذَا
وَاسْتَغْفُرُ اللهَ اْلعَظِيْم ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ
وَاْلمُسْلِمَات وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَات فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ
هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ.
Khotbah
2
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ
لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ
اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا
كَِثيْرًااَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ
وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَىوَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ
فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ
اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ
آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ
مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ
اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان
وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي
التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ
بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَاَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ
وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ
وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ
الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ
وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ
وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا
ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ
اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ
فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا
لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ
وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ
وَاْلمُنْكَرِِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ
اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ
اللهِ اَكْبَرْ
ثم السلام عليكم ورحمة
الله وبركاته
Silahkan baca juga >>>>:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar