الْحَمْدُ
للهِ الَّذِيْ إِيَّاهُ نَعْبُدُ، وَلَهُ نُصَلِّى وَنَسْجُدُ، وَإِلَيْهِ نَسْعَى
وَنَحْفِدُ، نَرْجُوْ رَحْمَتَهُ وَنَخْشَى عَذَابَهُ إِنَّ عَذَابَهُ الْجِدَّ
بِالْكُفَّارِ مُلْحَقٌ. أَشْهَدُ أن لاَّ إِلَهَ إِلاًّ اللهُ وَحْدَهُ
لاَشَرِيْكَ لَهُ، وأَشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهم صَلِّ
وسَلِّمْ عَلَى سيدنا محمد، وَعَلىَ آلِهِ وَأصْحَابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ. أما بعد،
أيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ، وَاخْشَوْا يَوْمًا لاَ يَجْزِي وَالِدٌ
عَنْ وَلَدِهِ، وَلاَ مَوْلُودٌ هُوَ جَازٍ عَنْ وَالِدِهِ شَيْئًا، إِنَّ وَعْدَ
اللهِ حَقٌّ، فَلاَ تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا، وَلاَ يَغُرَّنَّكُمْ
بِاللهِ الْغَرُورُ
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh.
Minongko purwokoning atur, monggo kita sesarengan
ngunjukaken syukur dateng ngarso dalem Allah, awit sampun peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpo kawical wical, langkung langkung rohmat kawilujengan lan yuswo panjang dateng kito sedoyo, sahinggo siang puniko kito tasih saget menangi malih dinten jum’ah, lan saget nglampahi kwajiban
sholat jum’at ing masjid puniko kanti tanpo manggih rubedo satunggal punopo. Amin ya robbal alamin.
Sak lajengipun, keparengo kulo ngajak dateng awak soho keluargo kulo piyambak lan umumipun dumateng panjenengan sedoyo, supados kito tansah ningkataken ketaqwaan utawi raos ajreh
dateng Allah SWT, ajrih dateng bendunipun Allah, ajrih dateng siksonipun Allah lan
ajrih menawi amal ibadah kito mboten dipun tampi dening Allah SWT, sehinggo
kito kagolong tiang engkang merugi.
Perlu kito mangertosi bilih sedoyo kemaksiyatan engkang
timbul sakeng awak kito meniko, mboten wonten sanesipun kejawi dipun sebabaken
keranten kito ridlo dateng bujukanipun hawa nafsu. Pramilo bejo sanget tiyang
engkang purun nglatih manahipun, purun mengingkari setiap pangridu hawa
nafsunipun, sehinggo engkang medal saking tindak lampahipun namung ketaatan
dateng Allah SWT lan amal-amal kesaenan. Tiang engkang purun melawan hawa
nafsunipun meniko bade tansah imut dateng ngerso dalem Allah SWT, kabikak
peningal atinipun dateng Sifat-sifat kebesaran Allah SWT, hinggo saget manggihi
dateng ketentreman gesang ing nduyonipun langkung-langkung mbenjeng ing akhirotipun.
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh.
Allah
SWT meniko nggadahi sifat engkang banget sempurnonipun, sehinggo mboten wonten
perkawis engkang saget ngaling-ngalingi Allah SWT dateng punopo kemawon, bahkan
hakikatipun Allah SWT meniko mboten bade kalingan dateng manah kulo panjenengan
sedoyo. Dene punopo kito kalingan, sehingga mboten saget ningali dateng Allah
SWT???. Kulo yaqin meniko keranten kito taseh diliputi dateng sifat-sifat hawa
nafsu kito. Nek sampun mekaten perintah agaminipun punopo? noninjih kito kedah
usaha kanti riyadhoh (nglatih manah) ugi mujahadah, Kito kedah ambersihaken
manah sakeng akhlak-akhlak engkang awon nuli usaha nglampahaken amal-amal
engkang pinuji. Tansah ngatos-ngatos lan ngawasi dateng hawa nafsunipun
engkang selalu mbujuk kito supados nglampahaken tindakan-tindakan awon. Rumaos
dados kawulonipun Allah SWT engkang banget asoripun, banget empreh lan banget lemahipun,
sehingga kito purun marek dateng dzat engkang nggadahi kakiatan inggih meniko
Allah SWT.
Menawi
kito sampun parek dateng Allah SWT, mongko Allah lah engkang bade ngrekso kito
sakeng nglampahaken doso lan maksiyat sehinggo kito saget ngamal ngibadah kanti
raos seneng lan ikhlas namung tertuju dateng Allah.
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh.
Salah
setunggalipun bentuk nuruti dateng hawa nafsu inggih meniko sifat su’ud dzan
utawi panyono awon dateng tiang sanes. Sesuai dateng pangendikanipun
Allah SWT wonten ing Al-qur’anul kariim Q.S Al-hujarat ayat 12 :
“ Hai orang-orang yang
beriman, jauhilah kebanyakan purba-sangka (kecurigaan), karena sebagian dari
purba-sangka itu dosa. dan janganlah mencari-cari keburukan orang dan janganlah
menggunjingkan satu sama lain. Adakah seorang diantara kamu yang suka memakan
daging saudaranya yang sudah mati? Maka tentulah kamu merasa jijik kepadanya.
dan bertakwalah kepada Allah. Sesungguhnya Allah Maha Penerima taubat lagi Maha
Penyayang “.(Q.S
Al-hujarat ayat 12)
Ayat meniko ngemutaken dateng kito supados tansah
ngatos-ngatos sakeng bahayanipun suu’udzan utawi nyono awon dateng sesami tiang
muslim. Langkung-langkung nyono awon dateng tiang engkang sampun dipun
mangertosi kesaenanipun, langkung-langkung maleh dateng tiang engkang caket
dateng ngerso dalem Allah SWT. Mboten leres menawi sak wekdal kito mirengaken
tiang engkang ngremehaken perjuangan lan jasanipun poro kyai, poro ulama’
langkung-langkung poro kekasih utawi waliyyullah kanti ngrasani awon ugi
ngumbar dateng aib-ipun lajeng kito tampi pendapatipun 100% kanti mboten dipun
saring. Sebab menawi pendapat meniko leres berarti kito sampun dawah dateng
su’ud dzan engkang kaibarataken sami ugi kito mangan dagingipun tiyang engkang
kito nyono olo kasebat, kados pangendikanipun Allah SWT ing ngajeng kalawahu.
Langkung-langkung maleh menawi pendapat kalawahu salah, mongko kito dawah
langkung bahaya maneh, inggih meniko fitnah engkang dipun ngendikaaken dening
Rasulullah SAW bilih fitnah langkung keji tinimbang mejahi tiyang (Q.S
Al-Baqarah : 191).
“ Dan bunuhlah mereka
di mana saja kamu jumpai mereka, dan usirlah mereka dari tempat mereka telah
mengusir kamu (Mekah); dan fitnah itu lebih besar bahayanya dari pembunuhan,
dan janganlah kamu memerangi mereka di Masjidil haram, kecuali jika mereka
memerangi kamu di tempat itu. jika mereka memerangi kamu (di tempat itu), Maka
bunuhlah mereka. Demikanlah Balasan bagi orang-orang kafir “.(Q.S
Al-Baqarah : 191).
Fitnah (menimbulkan kekacauan), seperti mengusir sahabat dari kampung
halamannya, merampas harta mereka dan menyakiti atau mengganggu kebebasan
mereka beragama. Na’uudzu
billahi min dzaalik.
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh.
Sifat
su’ud dzan meniko termasuk penyakit manah engkang saget ngaling-ngalingi kito
sakeng rahmatipun Allah SWT. Tiang engkang tansah curiga, meniko nganggep
seduluripun sampun nglampahaken perkawis ala mestinipun tiang kalawau tebih
saking sifat bersahabat dateng tiang engkang dipun curigai. Sehinggo su’ud dzan
meniko saget ngrisak dateng sillaturrahim, sehingga ukhuwah (persaudaraan)ipun
tiang kalawahu dados tebih. Rasulullah SAW tansah ngemutaken kito :
إِيَّاكُمْ
وَالظَّنَّ فَإِنَّ الظَّنَّ أَكْذَبُ اْلحَدِيْثِ. رواه البخاري
“Ojo pisan-pisan siro iku olo ing penyono utawi su’ud
dzan, sak temene penyono olo iku omongan kang paling goroh” ( HR. Al-Bukhori nomor 4747 dari Abu
Hurairah RA)
Pramilo supados saget kahindaraken saking su’ud dzan kito
kedah mawas diri naliko nampi berita engkang dereng jelas sumber kebenaran
berita meniko, dados tiang engkang sering ketemu lan srawung dateng sederekipun
sehinggo saget mengantisipasi munculipun gosip engkang saget ngrisak tali
ukhuwah dateng pesedera’an kito. Sebab hablumminan naas (hubungan dateng
sesami menungso) kedah kito bangun seiringan dateng hablumminallah
(hubungan dateng gusti Allah). Mboten cekap menawi kito sregep sholat, ananging
mboten saget sae dateng tiang sanes. Utawi sae dateng tiang sanes ananging
mboten memperhatosaken amal ibadah dateng gusti Allah SWT. Kaleh-kalehipun
kedah berjalan beriringan sehinggo kito saget dipun cap “SAE” dening tiang
sanes langkung-langkung dipun anggep “SAE” mungguhipun Allah SWT.
Pramilo mugi-mugi kito saget pikantok hidayahipun Allah SWT
sehinggo saget menang anggen kito berperang melawan musuh engkang dipun
ngendikaaken dening Rasulullah SAW, bilih mboten wonten musuh engkang langkung
ageng kejawi hawa nasfu nipun piyambak-piyambak. Amin yaa robbal alamiin.
باَرَكَ اللهُ ليِ
وَلَكُمْ فيِ ْالقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ – وَنَفَعَنيِ وَإِياَّكُمْ بِمَا فِيْهِ
مِنَ اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْمِ – وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ
تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْم – أَقُوْلُ قَوْليِ هَذَا
وَاسْتَغْفُرُ اللهَ اْلعَظِيْم ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ
وَاْلمُسْلِمَات وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَات فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ
هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ.
Khotbah
2
اَلْحَمْدُ للهِ
عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ.
وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ
رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَِعَلَى اَلِهِ
وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَِثيْرًااَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا
النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَىوَاعْلَمُوْا
اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ
ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ
عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا
تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ
وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ
وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ
الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ
الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ
اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ
الرَّاحِمِيْنَاَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ
وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ
اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ
وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ
مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ
اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ
وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا
وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ
اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا
لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ
وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ
وَاْلمُنْكَرِِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ
اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ
اللهِ اَكْبَرْ
ثم السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
Silahkan baca juga >>>>:
2 komentar:
alhamdulillah...sangat bermanfaat sekali untuk referensi para khotib. semoga menjadi jariyah...aamiiin
Assalamu'alaikum...
ijin copy paste Ustadz...
Posting Komentar