edisi
bulan dhulhijah
الْحَمْدُ
للهِ الَّذِيْ إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَلَهُ نُصَلِّى وَنَسْجُدُ وَإِلَيْهِ نَسْعَى
وَنَحْفِدُ، نَرْجُوْ رَحْمَتَهُ وَنَخْشَى عَذَابَهُ إِنَّ عَذَابَهُ الْجِدَّ
بِالْكُفَّارِ مُلْحَقٌ. أَشْهَدُ أن لاَّ إِلَهَ إِلاًّ اللهُ وَحْدَهُ
لاَشَرِيْكَ لَهُ وأَشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهم صَلِّ
وسَلِّمْ عَلَى سيدنا محمد وَعَلىَ آلِهِ وَأصْحَابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ.أما بعد،
أيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ وَاخْشَوْا يَوْمًا لاَ يَجْزِي وَالِدٌ عَنْ
وَلَدِهِ وَلاَ مَوْلُودٌ هُوَ جَازٍ عَنْ وَالِدِهِ شَيْئًا إِنَّ وَعْدَ اللهِ
حَقٌّ فَلاَ تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا وَلاَ يَغُرَّنَّكُمْ بِاللهِ
الْغَرُورُ
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,,
Minongko purwokaning atur
monggo kita
sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngarso dalem Allah,
awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpo kawical wical, langkung langkung rohmat
kawilujengan lan yuswo
panjang dateng kito sedoyo, sahinggo siang puniko kito tasih saget
menangi malih dinten jum’ah,
lan saget makempal ing masjid puniko
kanti tanpo
manggih rubedo
satunggal punopo. Amin ya robbal alamin.
Saklajengipun
keparenga kula ngajak dateng awak soho
keluargo kulo
piyambak lan panjenengan sedoyo, monggo tansah sami sesarengan berikhtiyar
netepi taqwa lan ajrih dateng Allah
swt. ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan
bingah utawi susah,
longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi
sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedoyo cegah lan
awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunyo ngantos
akhirat saking ngarsodalem Allah Subhanahu wa Ta’ala , Kados dawuhipun
Allah :
إِنَّ اللَّهَ مَعَ الَّذِينَ اتَّقَوْا
وَالَّذِينَ هُمْ مُحْسِنُونَ
"Temenan
Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwo lan wong wong kang pada agawe
becik” .
(QS. An Nahl :128).
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,,
Wekdal puniko kita taksih wonten ing nuansa bulan zhulhijah
inggih nuansa wulan riyoyo khaji, sakwetawis monggo kita mendet ibrah saking kisahipun
kluarga Nabi Ibrahim 'Alaihissalam.
Pangorbanan ageng saking Nabiyullah
Ibrahim Alaihissalam kados ingkang kasebat ing Al-Qur’an, punika mboten namung
sekedar minangka sejarah lan carios kemawon, ananging dados tulada tumrap kito sedoyo. Nalika panjenenganipun pinaringan
pacoban dening Allah, supados nyembelih putronipun inggih Nabi Ismail Alaihissalam, dawuh
kasebat katampi kanti sabar lan ridlo, soho katindakaken kanthi ikhlas murih karidan
saking ngarso dalem Allah.
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,,
Mangga sak wetawis kita gatosaken
menggah ingkang putra, pun Nabi Ismail Alaihissalam,
Panjenenganipun ngrupekaken patuladan ingkang kedah dipun damel kiblat dening
para putra remaja lan pemuda. Panjenenganipun satunggaling putro ingkang sholih lan bektos dateng tiyang sepuh. Kanti sabar
lan ridlo nampi qadlo ipun Allah, sahinggo ikhlas lilo legowo berqurban nyembadani dawuhipun ingkang
romo, sinaoso kedah nyowo ingkang namung setunggal setunggalipun
ingkang kedah dipun qurbanaken. Nabi Ismail tanpo suwolo, kanti tawakkal lan tatag manahipun
matur dateng ingkang romo:
قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ
سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللهُ مِنْ الصَّابِرِينَ
“Duh Kanjeng Romo, sumonggo kawulo aturi enggal nindakaken menopo ingkang kadawuhaken dumateng Romo, Insya Allah Romo bade manggihaken kawulo kalebet golonganipun tiyang tiyang ingkang sami sabar”
(Ash Shaffat
102)
Inggih
wujudipun putra ingkang setya tuhu mbangun miturut dateng tiyang sepuh, ikhlas
lan ridlo labuh labet dateng agami, nadyan kedah
ngorbanaken jiwa. Ngaten punika, ingkang kawastanan putra ingkang sholih,
ingkang dados kekudanganipun saben saben tiyang sepuh. Putro ingkang mekaten kedah kadamel conto tumrap poro putro remaja lan pemuda, minongko putro lan generasi ingkang sholih lan sholihat. Lajeng wonten pitakenan tumrap
kito sedoyo inggih puniko
Punopo ketulusan lan ketaatanipun Nabi
Ismail Alaihissalam, netepi perintah Agami lan tiyang sepuh, sampun kapraktekkaken tumrap para pemuda ing zaman puniko?
Inggih Alloh lan diri pribadi kito ingkang langkung mangertosi.
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,,
Mbok bilih inggih namung kanti
pangorbanan ingkang ageng, kabahagyianing gesang puniko bade saget dipun gayuh, kasebat ing setunggaling pangandikan
ingkang mengku hikmah:
لَنْ تنُاَلَ الْعِزَّةُ إِلاَّ
بِمُرُوْرِ الْبَلِيَّةِ
“ora bakal kagayuh kamulyan, kejaba kanti ngliwati sengsoroning pangurbanan”
Ananging poro rawuh, pangorbanan punika kedah kanti linandesan keyakinan iman lan i’tikad
ingkang kiyat, jalaran pangorbanan ingkang tanpo kadasaraken dateng keimanan tentu namung bade siyo-siyo muspro tanpo tonjo. Allah sampun paring dawuh :
وَمَا أَمْوَالُكُمْ وَلا أَوْلادُكُمْ
بِالَّتِي تُقَرِّبُكُمْ عِنْدَنَا زُلْفَى إِلاَّ مَنْ آمَنَ وَعَمِلَ صَالِحاً
فَأُوْلَئِكَ لَهُمْ جَزَاءُ الضِّعْفِ بِمَا عَمِلُوا وَهُمْ فِي الْغُرُفَاتِ
آمِنُونَ
“Dudu bondo bondo lan anak anak iro kabeh kang biso nyaketake sira marang Ingsun senajan
sithik wae, kejaba wong kang iman lan ngamal sholih, iya wong wong
kang kaya mengkono iku kang bakal merkoleh piwales kang tikel-matikel, sebab olehe pada ngamal wong wong mahu,
lan wong-wong mahu bakal sentosa ing panggonan kang luhur”
(As Saba’ 37).
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,,
Panjenenganipun Nabi Ibrahim As. minongko jejering tiyang sepuh, ingkang wicaksono lan wibowo, ugi to’at lan patuh dateng gerso dalem Alloh swt,, kanti ikhlas lan ridlo mundi dawuhipun Allah, sinaoso kedah ngorbanaken putra. Nabi Ibrahim setyo dateng garwo, lan tresno dateng putro, tabah lan tawakkal nampi kasunyatan pacobanipun Allah.
Ismail minongko putro ingkang sholih, to’at ngestokaken dawuhipun Allah
Pangeranipun, bektos lan mbangun miturut dateng tiyang sepuh.
Lajeng wonten pitakenan punopo rahasia
kesuksesan Nabi Ibrahim As, ingkang saget ndidik Putranipun Ismail, ingkang setio tuhu, menawi kito maos Al-Qur’an kito
bade manggihi kunci suksesipun:
1.
Do’a ingkng tansah dipun panjataken Nabi
Ibrahim
رَبِّ هَبْ لِي
مِنَ الصَّالِحِينَ
“Ya
Alloh karuniaken dumateng kulo keturunan ingkang shalih” (As-shofat;100)
Do’a
kolo wau dipun panjataken Nabi Ibrahim As.
tebeh sak derengipun nikah, beliau nyuwun dumateng Allah Anak ingkang shalih,
mboten nyuwun anak ingkang sugih, berpangkat, dados pejabat, dados cendikiawan ananging
nyuwun anak ingkang sholih.
Sahinggo
dumateng poro sederek kita ingkang cerak dateng usia pernikahan monggo nyuwun
dumateng Alloh kados do’a nipun nabi Ibrahim kolo wau, lajeng dumateng pasangan suami istri ingkang istrinipun nembe
hamil katah-katahaken nyuwun dateng ngerso salem Allah SWT. anak ingkang Sholih,
Mangertoso
poro rawuh bilih do’a anak sholih puniko
gadahi manfaat engkang ageng kagem tiang sepuhipun benjang ing alam kubur.
Sahinggo mugi keparingn putra ingkang kados Nabi Ismail As. Amin Ya robbal
alamain. Rasulullah bersabda:
بِرُّوْا آبَاءَكُمْ
تَبِرُّكُمْ أبْنَاؤُكُمْ (الطبرانى عن ابن عمر)
“Berbaktilah
kepada orang tuamu niscaya anakmu akan berbakti kepadamu” (HR Tobroni saking
Ibnu Umar RAnhuma)
2.
Kepedulian
Nabi Ibrahim as dateng pendidikan anak-anakipun
Dalam
al-Quran diceritakan:
وَإِذْ قَالَ
إِبْرَاهِيمُ رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنِي وَبَنِيَّ أَن
نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ
“Dan (ingatlah), ketika Ibrahim berkata:
"Ya Tuhanku, jadikanlah negeri ini (Mekah), negeri yang aman, dan
jauhkanlah aku beserta anak cucuku daripada menyembah berhala-berhala”.
(QS.Ibrohim ;35)
وَوَصَّى بِهَا
إِبْرَاهِيمُ بَنِيهِ وَيَعْقُوبُ يَا بَنِيَّ إِنَّ اللَّهَ اصْطَفَى لَكُمُ
الدِّينَ فَلاَ تَمُوتُنَّ إَلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ
“Dan
Ibrahim telah mewasiatkan ucapan itu kepada anak-anaknya, demikian pula Ya'qub.
(Ibrahim berkata): "Hai anak-anakku! Sesungguhnya Allah telah memilih
agama ini bagimu, maka janganlah kamu mati kecuali dalam memeluk agama
Islam". (QS.Al-baqoqoh 132)
Ayat-ayat
kolo wau paring bukti bilih perhatianipun Nabi Ibrahim As dumateng pendidikan
anak-anakipun, beliau mboten lilo menawi putranipun bodo, utawi wonten jalur
pendidikan ingkang klintu. Ampun ngantos jalaran ekonomi utawi
alasan2 pekerjaan kito mengabaikan pendidikan Anak.
Nopo
putro wayah sampun ngamalaken ajaran Agami? Nopo sampun, tiang sepuh paring
tulodo ingkang sae tumrap putro putrinipun? Menawi dereng bersiaplah nampi pacoban Allah
kanti dalan Putro purinipun piyambak-piyambak.
Kedah
kulo panjenengan mangertosi bilih pendidikan ingkang sepindah lan utami inggih
puniko pendidikan Agami, lajeng pendidikan pendukungipun inggih puniko
pendidikan umum.
3.
Kepedulian
Ibrahim dumateng kesejahteraan anak lan keluarga
Nabi
Ibrahim as puniko sosok seorang bapak
ingkang sae, lan suami bertanggung jawab. Demi membahagiakan keluarganipun,
Nabi Ibrahim as rela merantau ribuan kilometer dari Palestina ke Mesir, lan
meniko dipun tindakkaken berkali-kali sinaoso kondisi alam ingkang tandus lan
panas. Kados diungkapaken wonten doa Nabi Ibrahim as:
رَّبَّنَا إِنِّي أَسْكَنتُ مِن
ذُرِّيَّتِي بِوَادٍ غَيْرِ ذِي زَرْعٍ عِندَ بَيْتِكَ الْمُحَرَّمِ رَبَّنَا
لِيُقِيمُواْ الصَّلاَةَ فَاجْعَلْ أَفْئِدَةً مِّنَ النَّاسِ تَهْوِي إِلَيْهِمْ
وَارْزُقْهُم مِّنَ الثَّمَرَاتِ لَعَلَّهُمْ يَشْكُرُونَ (إبراهيم 37)
“Ya
Tuhan kami, sesungguhnya aku telah menempatkan sebahagian keturunanku di lembah
yang tidak mempunyai tanam-tanaman di dekat rumah Engkau (Baitullah) yang
dihormati, ya Tuhan kami (yang demikian itu) agar mereka mendirikan shalat,
maka jadikanlah hati sebagian manusia cenderung kepada mereka dan beri rezkilah
mereka dari buah-buahan, mudah-mudahan mereka bersyukur”. (QS.Ibrohim;37)
Rasulullah
menyatakan bilih tiang ingkang kerja keras kagem ngais rizki ingkang halal
kagem keluarga, dipun nilai Allah dados shodaqah ingkang inggil, bahwa
seseorang yang bekerja keras guna mencari rizki yang halal untuk keluarga,
dinilai oleh Allah sebagai sodaqah yang tertinggi.
Dalam
hadis beliau bersabda:
وَدِينَارٌ
أنْفَقْتَهُ عَلَى أهْلِكَ ، أعْظَمُهَا أجْراً الَّذِي أنْفَقْتَهُ عَلَى أهْلِكَ
. رواه مسلم .995
“Satu dinar dari harta yang
engkau nafkahkan untuk keluargamu merupakan pahala yang paling besar di sisi
Allah” (HR.Muslim)
Kito
sedoyo selaku kaum muslimin ampun ngantos putus asa, kosok wangsulipun kito kedah bangkit, singsingkan lengan, kagem
natap hari esok kanti penuh optimisme lan harapan ingkang langkung sae. Ampun
kito supe dateng dawuhipun Allah:
فَإِنَّ مَعَ
الْعُسْرِ يُسْرًا (5) إِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا (6) فَإِذَا فَرَغْتَ
فَانصَبْ (7) وَإِلَى رَبِّكَ فَارْغَبْ (8)
(5)
Karena sesungguhnya sesudah kesulitan itu ada kemudahan, (6). sesungguhnya
sesudah kesulitan itu ada kemudahan, (7) Maka apabila kamu telah selesai (dari
sesuatu urusan), kerjakanlah dengan sungguh-sungguh.(QS.Alam Nashroh;5-8)
Menawi kita sedaya, Bapak, Ibu lan putra
saget ngalap piwucal lan tulada dateng keluarga Nabi Ibrohim AS.punika, Insya Allah kita sedoyo ugi bade kaparingan rahmat lan maghfirah
saking ngarsodalem Allah Subhanahu wa Ta’ala. Mugi mugi Allah tansah midanget lan
ngijabahi dungo panyuwun kito, andadosaken keluarga ingkang sakinah manggih
kabegjan dunya ngantos akhirat. Amin ya robbal alamin.
أعُوْذُ
بِاللهِ مِنَ الشَّيْطنِ الرَّجِيْمِ . بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ
قُلْ
صَدَقَ اللَّهُ ۗ فَاتَّبِعُوا مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا وَمَا كَانَ مِنَ
الْمُشْرِكِينَ
إِنَّ
أَوَّلَ بَيْتٍ وُضِعَ لِلنَّاسِ لَلَّذِي بِبَكَّةَ مُبَارَكًا وَهُدًى
لِلْعَالَمِينَ
فِيهِ
آيَاتٌ بَيِّنَاتٌ مَقَامُ إِبْرَاهِيمَ ۖ وَمَنْ دَخَلَهُ كَانَ آمِنًا ۗ
وَلِلَّهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ إِلَيْهِ سَبِيلًا ۚ
وَمَنْ كَفَرَ فَإِنَّ اللَّهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِينَ
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ
الْعَظِيْمِ ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ
وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ فاستغفروا الله العظيم
إنه هو الغفور الرحيم
Khotbah 2
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ
وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ
اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ
عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا
كَِثيْرًااَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ
وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَىوَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ
فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ
اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ
آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ
مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ
اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان
وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي
التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ
بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَاَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ
وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ
وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ
الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ
مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ
اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ
عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ
وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا
خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ
اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ
حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ
تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ !
اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ
وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ
تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ
نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ
ثم السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
Silahkan baca juga >>>>:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar