Bismillah hirrohman nirrohim
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Panjenenganipun para pepundhen, para
sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepayoning kautaman,
ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang
pantes kinurmatan, para lenggah kakung putrid, kadang wredha mudha ingkang
winantu suka basuki..
Mradapa keparengipun Bp. ……………………
sekalihan sumrambah para kulawangsa ing kelenggahan punika, kula piniji
pinangka pambicara wontenipun upacara pasrah panampining upakarti miwah lamaran
pinangka jejangkeping tata cara salaki rabi.
Namung sakderengipun kula ngaturaken
urut reroncening adi cara ingkang sampun karakit dening para kulawarga, cundhuk
kalihan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging Pancasila, sumangga nun
kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha
Agung, karana ageng barokah saha rohmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng
panjenengan sadaya dalasan kula.
Sinawung raos syukur ing ngajeng,
mugi lampahing adi cara pasrah panampi lamaran saha upakarti pinangka
jejangkeping pala karma tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala.
Nun inggih para lenggah ingkang
sinuba ing pakurmatan, keparenga panata cara murwani lekasing sedya ingkang
punika enggal badhe binuka lampahing adi cara ingkang rinamtam para kulawangsa.
Nun inggih : Tinarbuka atur
pambagyaharjo saking ingkang hamengku gati dening tetuwangga ingkang sampun
paniji.
Atur panampi dening tetuwangga
ingkang pinangka sulih saliranipun Bp. ……………… ingkang mengku gati.
Kaleksananing adi cara liru kalpika
(menawi wonten).
Tanggap wacana sawatawis saking
pinisepuh pinangka tumuju dhumateng kasaenan (menawi wonten).
Paripurnaning sedya hambok bilih ing
mangke wonten pratandha saking kulawarga minangka paran para.
Mekaten para tamu saha para lenggah
urut reroncening tata adi cara pasarah lamaran ingkang sinanggit dening para
kulawarga, kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah
hanjenengi ngantos dumugi purnaning gati. Nuwun, nwun, matur nuwun.
Silahkan baca juga >>>>:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar