إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ,
وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ
أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ
لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا
رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا
وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي
تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأََرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ
وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ
فَوْزًا عَظِيمًا.
أَمَّا بَعْدُ
Jama’ah
jum’ah engkang berbahagia,
Mangga tansah sami sesarengan
berikhtiyar netepi taqwa
lan taat dateng Allah, wonten ing pundi-pundi kemawon panggenan lan kawontenan kita, kawontenan rame utawi sepi, terang
terangan utawi rahasia lan sanes-sanesipun, berusaha tansah nindakaken sedaya perintah lan nebihi sedaya
cegah, nindakaken sedaya dawuh lan nebihi sedaya awisan-awisanipun, supados kita
tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan,
saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala , Amiin
amiin ya robbal alamin.
Jama’ah
jum’ah engkang berbahagia,
Mangga sesarengan kita ngaturaken taqwa lan syukur ing
ngarsaning Allah SWT. Biqaulinal hamdulillahirobbil ’alamin, Ingkang sampun maringi kanikmatan, kesenengan,
rizki, lan panggesangan datèng kawulanipun sahingga kanthi rahmating Allah ugi
kita sedaya tetep wonten ing sak lebeting iman lan Islam. Mugi rahmat saha
salam kaparingaken dumateng panutan kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun
kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa nuju dateng margi ingkang
leres. Mugi-mugi kita sedaya kagolong ewoning para Muttaqin ingkang estu-estu
taqwa dateng Allah tansah nindakaken dhawuhipun Allah sarta nebihi awisanipun.
Mangga kita sami tansah berjuang lan beramal kados dene
ingkang sampun kagarisaken dening Allah SWT wonten syare’at agami Islam.Sampun
ngantos tumindak kita wonten ingkang nyimpang saking tuntunan agami ingkang
suci supados gesang kita pikantuk rahmat sarta pangayomaning Allah SWT,
wilujeng tentrem lan manggih kabegjan fiddunya wal akhirah.Sampun dipun
sebataken wonten ing Al Qur’an :

“Elinga,
satemene wong-wong kang dikasihi dening Allah iku ora ana rasa kuwatir tumrape
wong-wong mau lan ora sedhih.”( Q.S. Yunus : 62)
Jama’ah
jum’ah engkang berbahagia,
Manawi kita setitek aken kawontenan gesangipun kito sami
ing donya punika kenging kita umpamakaken kados dene musyafir kekesahan ingkang
tebih nyabrang seganten ingkang kebak ombak nuju dateng pantai bahagia ingkang
dipun idham-idhamaken , wonten ing margi wonten prahara lan angin ageng ingkang
nggegirisi, sahingga manawi musafir kala wau boten ngatos-atos mesthi praunipun
badhe kandhas lan kerem wonten ing tengahing samodro pungkasanipun boten saged
dumugi tujuan ingkang dipun idam-idamaken.
Mila, jalaran kita sami punika inggih namung manungsa limrah
boten aneh manawi kathah pangajengan ingkang boten saged kadumugen, boten
sedaya ingkang dipun kajengaken dening kito sami mesthi kaleksanan, boten
sedaya ikhtiyaring kito sami ugi mesthi kasil.
Punapa sebabipun. Inggih jalaran sak inggiling kito sami
taksih wonten dzat ingkang kuwaos ingkang nemtokaken sedaya samukawis ing donya
punika, inggih punika Allah SWT. Jalaran miturut ajaran Islam donya punika
wonten ing panguwaosipun Allah, kito sami boten saged uwal saking panguwaosing
Allah SWT.Awit saking punika para sedherek. Kanthi perjuangan, kito sami dipun
wajibaken dening agami ikhtiyar nebihi kejahatan lan kemungkaran. Sampun ngantos kito
sami nekat anglampahi bab-bab ingkang boten sae jalaran ingkang makaten punika
boten cocok kaliyan fitrahing manungsa.
Jama’ah
jum’ah engkang berbahagia,
Kito sami kepengin pinter kedah berjuang ngupados ngelmu,
kepingin sandhang tedha kedah ngetogke kekiyatan ngupados sandhang tedha kanthi
margi ingkang halal, boten kenging ngalamun namung ngajeng-ajeng dhawahing emas
saking langit. Jalaran saestunipun langit boten badhe jawah emas lan perak. Para sedherek
dipun sebataken wonten ing Al Qur’an :



“Satemene Allah ora bakal ngowahi apa kang disandhang
dening sawijining kaum sahingga kaum mau ngreka daya ngrobah apa kang wis di
alami mau.” (Q.S. Al Ro’du
:11)
Saking ayat kasebat kito sami dipun wajibaken ikhtiyar, wonten ing ikhtiyar kito
sedanten samiya tansah enget dateng Allah SWT tegesipun enget bilih “Boten
wonten ingkang saged ngalang-ngalangi punapa ingkang Alloh paringaken, lan
boten wonten ingkang saged maringi punapa ingkang Alloh alang-alangi”.
Sedaya namong gumantung Allah piyambak. Manawi
usahaning kito punika saged kadumugen punika hakekatipun saking keparengipun
Pangeran, tegesipun atas kamirahaning Allah ugi. Sebab para sedherek, manawi
Allah dereng marengaken kadumugen sedyanipun temtu boten saged kelampahan.
Kajawi punika para sedherek. Salebetipun ikhtiyar sampun
ngantos wonten raos putus asa utawi nglokro saking rahmating Allah ingkang Maha
Kuwaos.Manawi usaha kaping sepisan dereng kasil saged ugi usaha kita dereng
trep mila sasaged-saged ngudiya usaha malih sebab sinten mangertos para
sedherek manawi Allah sampun nakdiraken Insya Allah badhe Kabul jalaran Allah
Maha Pengasih lan Penyayang.saksampunipun kito iktiyar ,kito kedah tawakkal lan
do'a dumateng Alloh supados punopo ingkang kito karepakan saget kagayuh.
Jama’ah
jum’ah engkang berbahagia,
Bilih kangge nggayuh Al Falah utawi
kabegjan fiddunnya wal akhiroh puniko ing gesangipun kedah nindakaken sedoso
perkawis, inggih punika :
Sepindah. Nglampahi sifat zuhud, wonten ing donya ampun ngantos kapusan dening
pambujuk ing donyo, mendhem donyo sahingga kito sami nyupek aken sedaya-sedayanipun, supe dateng
Allah SWT. Nabi Muhammad SAW dawuh Engkang Jawinipun kirang langkung
mekaten: “Manawa salah sawiji saka kowe kabeh weruh wong kang diluwihake
dening Allah ana ing bab bandha lan pribadhine supaya enggal ndelenga marang
wong kang sangisore.” (HR.Bukhari)
Saking hadits meniko jelas, bilih kanthi ningali dateng
tiyang ingkang sak ngandhapipun, kito sami
insyaalloh badhe tansah syukur
dateng Allah SWT, jiwanipun badhe tentrem dipun tebihaken saking sifat serakah
lan tomak.
Kalih. Rajin ibadah sarta maos Al Qur’an,
kanthi ngangen-angen maknanipun lajeng dipun lampahi. Sebab pancen saestunipun
Al Qur’an estu-estu dados pitedah tumrap tiyang ingkang taqwa dateng Allah SWT.
Tiga. Sekedhik pangandikanipun wonten
prekawis ingkang boten perlu, boten pantes, lan boten sopan.
Sekawan. Nebihi saking bab-bab ingkang haram lan
syubhat sahingga perkawis ingkang dereng terang halal lan haramipun saedipun
tebihi supados badhanipun resik saking dosa.
Gangsal. Berusaha
Semaksimal mungkin nindakaken shalat gangsal wekdal kanthi khusyu’, sebab
shalat ingkang khusyu’ saged ngiyataken jiwa lan nebihaken manungsa saking
tumindak kemungkaran.
Enem. Anggadhahi budi pekerti luhur, remen
srawung kaliyan tiyang-tiyang ingkang soleh, jalaran piyambakipun kepengin ugi
dados tiyang saleh.
Pitu. Tansah sopan lan andhap asor dumateng
tiyang sanes, sing enom kalih sing tuwo, sing tuwo kalih sing enom, sing tuwo
kalih sing tuwo, sing enom kalih sing enom, sedanten sami njagi kesopanan lan andhap asor, boten nate ngumuk aken sarira
sedaya, sedayanipun sarwa bares sederhana.
Wolu. Kebak raos
katresnan (mahabbah) dateng sesamining muslimin wal muslimat mukminin wal
mukminat boten remen tukaran lan memungsuhan.
Songo. Berjuang kanthi
saestu ingkang supados gesangipun migunani dateng sedoyo kemawon
Sedoso: Mangertosi kanthi saestu lan yakin dateng wontenipun
pejah, ngathah-ngathahaken ngamal ingkang badhe kabekto sowan ngadhep wonten
ing ngarsaning Allah, Akhiripun pejahipun wonten ing “Husnul Khotimah” pejah
ingkang sae,pungkasan ingkang sae.
Insya Allah kanthi makaten manungsa enggal saged wangsul
dateng margi ingkang leres, nyingkiri perkawis ingkang boten sae lan sumonggo
kita nyuwun wonten ngarso dalem Allah SWT mugi-mugi gesang kita dipun
jembaraken dening Allah SWT saget ngamalaken tuntunan agami kanthi
sasae-saenipun, mugi-mugi gesang kita manfaat maslahat fid dunya wal
akhirah.
أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم لي
ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم.
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ
وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ
اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ
عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا
كِثيْرًا اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ
وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ
فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ
اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ
آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ
مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ
اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان
وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي
التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ
بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ
Silahkan baca juga >>>>:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar