إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ,
وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ
أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ
لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ.
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ أَمَّا بَعْدُ :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا
رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا
وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي
تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ
وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ
فَوْزًا عَظِيمًا.
Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,
Mangga sami sesarengan berikhtiyar, mbudi doyo sarono
nguwataken keimanan kito dateng ngerso dalem Allah, kanti taat
dateng perintah agami
engkang saestu, tansah berusaha
nindakaken sedaya perintah lan nebihi sedaya cegah, nindakaken sedaya
dawuh lan nebihi sedaya awisan-awisanipun Alloh ta’ala, supados kita tansah
pikantuk rahmat lan kanugrahan, saking
ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amiin amiin ya robbal
alamin.
Mangga sesarengan kita ngaturaken raos syukur wonten ngarso dalem Allah SWT. Biqaulinal hamdulillahirobbil
’alamin, Ingkang sampun maringi kenikmatan,
kesenengan, rizki, lan pagesangan datèng kulo panjenengan sami, sahingga kanthi rahmatipun Allah kita
sedaya tetep wonten ing sak lebeting iman, Islam soho ikhsan.
Mugi rahmat saha salam kaparingaken dumateng panutan kita Nabi Muhammad SAW
ingkang sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa luwih-luwih
dateng kito sami nuju dateng
margi ingkang leres.
Mugi-mugi kita sedaya kadaku dados ummatipun, wiwit gesang
teng donyo dumugi akherot sak mangke. amiin ya robbal
alamin.
Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,
Mangga kita sami tansah berjuang lan beramal kados dene ingkang sampun
kagarisaken dening Allah SWT wonten syari’at agami Islam. Sampun ngantos
tumindak kita wonten ingkang nyimpang saking tuntunan agami, supados gesang
kita pikantuk rohmat serto pangayomaning
Allah SWT, wilujeng, tentrem lan
manggihi kabegjan fiddunya
wal akhirah. Sampun dipun
sebataken wonten ing Al Qur’an :

“Elinga, satemene wong-wong kang dikasihi dening Allah iku ora
ana rasa kuwatir tumrape wong-wong mau lan ora sedhih.”( Q.S. Yunus :
62)
Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,
Sinarengan
kalian majengipun zaman, ilmu
pengetahuan lan teknologi, kebikaipun media informasi kanthi bebas, sahingga tiyang Islam ingkang boten
gadhai kekiatan iman, gampil kabujuk
kalian tumindak ingkang nerak dhateng aturanipun syar’i. Tumindak ingkar
dumateng agami, judi, madon, seneng ngunjuk
minuman keras, narkoba, serik dumateng
sesami tiyang islam, nglaraaken manahipun sesami muslim, do nggegampang
ninggalake kwajiban solat, serta
nindakaken pakerti ingkang nerak dhateng aturan moralitas Islam. Sedaya
tumindak wau kados2
mpun biasa limrah
teng masyarakat kito, tumindak meniko jelas2
salah, kliru, satemah sanes jiwanipun poro muslim, poro syuhada’, poro
muttaqin. Tumindak punika kedah dipun tilar.
Ing dalem sekawan wulan engkang sampun kepengker, Sak sampunipun kita fitroh atawin suci, lan sak bibaripun nindakaken siyam wulan syawal, di terasaken shalat I’dul fitri, soho dipun terasaken kanthi halal-bihalal.
Ing antawis
setunggal tiyang kalian sanesiapun sami pasrah kalepatan, mestinipun kito sami
kedah anggadai rumaos dados
tiyang ingkang tansah lepat dumateng awak pribadinipun, boten wonten tiyang ingkang rumaos bener, ugi
mestinipun rumaos akeh
dosane sitik benere.
Kanthi mekaten menawi sifat punika
saget dipun resepaken wonten manah, insya-Allah sendi-sendi kehidupan
bermasyarakat badhe dados harmonis. Menawi ing setungal tiyang kalian sanesipun
sami mong-tinemong, do rumaos salah, tur do nggampilake aweh pangapuro dateng
kesalahanipun muslim sanes, yektos
badhe mujudaken manunggalipun sedoyo
lapisan masyarakat, sahingga negari atawin deso
kita badhe tentrem, soho tambah majeng, ing bidang agami, ekonomi, sosial,
budaya, olah raga, politik , keamanan lan sanes-sanesipun.
Selaras kalian pangendikanipun rasululloh
Muhammad SAW:

“Sira aja padha nesu-nesunan, meri-merinan,
padha mlengos-mlengosan lan medhot paseduluran, dadiya sira kawulane Gusti Allah
kang nyedulur. Wong Islam orang kena ngenengake sedulure (padha muslim) punjul
seka telung dina”. (HR. Bukhari Muslim).
Semanten ugi wonten pangandikan saking ahli hikmah:
Semanten ugi wonten pangandikan saking ahli hikmah:
اَلْاِتِّحَادُ اَسَاسُ النَّجَاحِ
“persatuan iku azase kamenangan”.
Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,
Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,
Semanten ugi semangat kangge
mujudaken silaturahim, sami sowan pisowanan, ngudo raos ingkang sae, raos bingah
lan tansah ngaturaken kalepatan dumateng sesami
muslim sanes, sami aweh
sepuro dateng kesalahanipun liyan, leresipun
mboten namung ing wulan syawalke mawon. Yekti
amalan puniko kedah kito
laksanaaken saben-saben wekdal lan kesempatan,
kagem ngraketaken raos pasederean sesami tiyang islam.
Jama’ah
jum’ah rohimakumulloh,
Tahun punika soho tahun ngajeng satemah
dados tahun politik, sahingga perbedaan pemanggih ing setunggal tiyang kalian
tiyang sanesipun sesami muslim, kedah dipun budaya aken kanti raos
paring penghargaan lan penghormatan dumateng
pendapatipun muslim sanes, kedah dipun sadari,
perbedaan puniko sampun biasa wonten ing kemasyarakatan. Satemah ing
dunyo punika boten wonten ingkang sampurno
kejawi kasampurnan punika kedah kito usaha aken
kanti jalan musyawaroh. Boten wonten tiyang ingkang paling bener lan leres, kajawi kita tansah berusaha supados dados tiyang ingkang
bener lan leres mungguh syareat agaminipun Alloh, non injih manut dumateng aturan-aturan
ing lebetipun al-qur’an, sunah nabi soho itbak/ anut dumateng poro alim, poro ulama’, poro kiyai
lan poro
ustadz, mboten mungguh sak karepe awak pribadi kulo
panjenengan sami.
Kanthi mekaten ing tahun politik punika prayoginipun ing saben-saben tiyang tansah ngugemi aturan agami, lan nindakaken dhawuhipun agami, sumonggo sami benten pendapat soho pilihan, lan berlomba – lomba ngajak tiyang sanes dumateng pilihanipun, tapi kedah tetep dados tiyang muslim engkang tansah menghargai lan menghormati pendapat soho pilihanipun muslim sanes, soho ampun kesupen sing luwih penting, non injih saling berlomba-lomba ngajak dumateng kemajenganipun agama islam.
Kanthi mekaten ing tahun politik punika prayoginipun ing saben-saben tiyang tansah ngugemi aturan agami, lan nindakaken dhawuhipun agami, sumonggo sami benten pendapat soho pilihan, lan berlomba – lomba ngajak tiyang sanes dumateng pilihanipun, tapi kedah tetep dados tiyang muslim engkang tansah menghargai lan menghormati pendapat soho pilihanipun muslim sanes, soho ampun kesupen sing luwih penting, non injih saling berlomba-lomba ngajak dumateng kemajenganipun agama islam.
Dawuhipun Alloh SWT.

“ Sira kabeh iku umat kang luwih
bagus, kang kalahirake kanggo manungsa (kang supaya) sira kabeh padha perintah marang kang makruf, lan padha nyegah marang kang
mungkar, lan iman marang Allah. Saumpamane ahli kitab iku padha iman, mesthine
iku luwih apik tumrap dheweke kabeh, ing antarane dheweke kabeh ana kang iman
(ning) akeh-akehe dheweke kabeh iku wong-wong kang fasik”. (QS. Ali Imran: 110)
Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,
Saking ayat
meniko sampun jelas, bilih tiyang
ingkang bagus atawin sae inggih punika sepindah, tiyang ingkang kuat imanipun ,
lan kaping kalih tansah perintah atawin
kandan dateng tiyang sanes, supados nindakaken pendamelan ingkang sae lan nyegah
dateng sedoyo pedamelan munkar, tentunipun sak
sampunipun awak pribadinipun sampun
tumintak engkang sae ugi.
Setunggaling Hadist:

“Duh rasul, sinten manungsa paling sae niku?
Rasul ngendika sak bagus-baguse wong yaiku kang paling bagus wacane(Alqur’an),
paling taqwa dhumateng Allah, paling sregep ngajak tumindak kang bagus lan
paling rajin nyegah mungkar lan paling rajin nyambung paseduluran”. (HR. Ahmad)
Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,
Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,
Hikmah ayat qur’an soho hadist wau jelas
sampun gamblang, bilih kito sedoyo
sesami muslim, kedah
njagi persatuan dan kesatuan
kanti estu2, menawi kito langgar
kanti sadar, berarti
kito sadar nerjang
aturan agami islam, berarti kito
sadar dados tiyang ingkang fasiq dateng
agami, naudzubillah
min dalik ampun kados
mekaten. Kulo panjenengan sami, ing
dalem wulan syawal engkang
sampun kepengker sampun dipun latih supados dados tiyang ingkang sabar,
jujur, ngeker saking hawa nafsu, lan sadar
nindakaken dhawuhipun agami, Semanten ugi sampun dipun latih kalian nindakaken
ibadah shalat sunnah, tadarus Alquran lan nindakaken syi’ar Islam sahinggo
mestinipum kito umat islam saget dodos tiyang ingkang sae.
Leresipun njagi kawontenan fitrah
diri atawin resik awak lan ati punika, insyaalloh badhe
saget mujudaken jayanipun deso lan negari. Amargi pembangunan deso lan negari
punika betahaken pribadi ingkang cerdas, ikhlas, sabar, jujur, disiplin,
istiqomah, soho taqadhu’. Semangat mekaten punika sampun dipun latih ing sak
lebetipun nindakaken shiyam Ramadhan.
Dawuhipun Alloh SWT.
Satemene Ingsun wus nitahake
manungsa kanthi rupo sak apik-apike. Banjur Ingsun
balikake dheweke marang panggonan kang luwih endhek-endheke panggonan endhek
(neraka). Kejaba wong-wong kang padha iman lan padha ngamal shalih, mula tumrap
dheweke kabeh ganjaran kang ora ana pedhote” (QS. Attin: 4-6)
Mugi-mugi sedaya amal ibadah ingkang sampun kulo panjenengan tindakaken, dipun tampi dening ngerso dalem Allah. Lan sedaya amal ibadah ingkang dereng saget dipun tindakaken, mugi-mugi Allah tansah maringi dalan atawin patedah dhateng kita sami, dumateng margi ingkang leres inggih punika marginipun tiyang-tiyang ingkang dipun paringi kamulyan lan, sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang dipun bendoni, amin..amin ya robbal alamin.
Mugi-mugi sedaya amal ibadah ingkang sampun kulo panjenengan tindakaken, dipun tampi dening ngerso dalem Allah. Lan sedaya amal ibadah ingkang dereng saget dipun tindakaken, mugi-mugi Allah tansah maringi dalan atawin patedah dhateng kita sami, dumateng margi ingkang leres inggih punika marginipun tiyang-tiyang ingkang dipun paringi kamulyan lan, sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang dipun bendoni, amin..amin ya robbal alamin.
أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين
والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم.
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ
وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ
اِلاَّ اللهُ, وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ
لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى
اِلىَ رِضْوَانِهِ.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا, اَمَّا بَعْدُ
;
فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ
اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ
اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ
بِقُدْسِهِ
وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ
ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ
وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ
عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ
بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ
بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا
اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ
وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ
اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ
اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ
الدِّيْنِ.
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ
وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ
مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ
اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا
حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ
لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ
يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ
اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ
وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ
وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ
يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ
Wassalamu’alaikum wrwb
Silahkan baca juga >>>>:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar