السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ
بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ
اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ
لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ ,
أَمَّا
بَعْدُ
:يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ
إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ ,
يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ
لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ
وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,
Sumonggo, kito tansah taqwo dumateng
Alloh, kanti ninda aken sedoyo dawuhipun lan
nilar sedoyo pepacuhipun. Taqwo
ingkang ndadosaken kito emut, bilih kito
sedoyo mesti kagungan
kalepatan utawi doso.
Kito anyandang doso dipun sebab aken, saking
sawernaning perkawis ingkang
kito tinda aken kanti
sengojo utawi boten.
Doso noninjih, kotoran
ingkang ngotori jiwonipun
kulo panjenengan sami,
Sinaoso doso alit,
menawi kito umbar,
sangsoyo dangu sangsoyo
numpuk, ingkang ndadosaken manahipun kito
dadi peteng.
Awit saking sifat rohmman lan rohimipun Alloh, kito
dipun dawuhaken supados
enggal-enggal ngresiki doso-doso kito, kanti
tobat dumateng ngerso dalem Alloh, artosipun
nyuwun pangapunten dumateng ngerso dalem Alloh.


“Podo tobato
siro kabeh marang Alloh
he wong wong
kang podo iman, supoyo
siro kabeh oleh
kabegjan, yo iku suwargo” (QS. an-nur;31).
Jama’ah jum’ah rohimakumulloh
Ciri-cirinipun tiyang engkang
satuhu sampun tobat,
saget kauningani saking sekawan perkoro :
1. Saget ngeker lisan,
saking pengucapan ingkang
awon, reraosan, adu-adu lan ngapusi.
2. Wonten ing manahipun, sampun
mboten wonten raos drengki,
lan ugi mboten
wonten raos nyatroni
dumateng sesami.
3. Saget nilaraken utawi mboten
kumpul malih, kaliyan rencang-rencangipun ingkang
tumindaipun awon.
4. Tiyang kolowau, tansah
sumadyo pados sangu kagem
pejah.
Dawuhipun Alloh.

”He wong-wong kang
iman, podo tobato
siro marang Alloh
kanti satemen-temene tobat” .
( QS.at-tahrim ;8).
Podo ngertiyo, bilih tobat
puniko wajib tumprap
saben doso, pramilo
menawi ma’siyat atawin doso
puniko, namung dumateng
Alloh, syaratipun tobat
wonten sekawan;
- Wajib sak suwene urip ning alam ndonyo, kerso nilaraken kema’siatan/doso.
- Kedah nggetuni dumateng tumindak ma’siyat/doso ingkang kelampahan.
- Satuhu niyat mboten bade nindak aken kema’siatan/doso malih.
- Kerso maos istighfar saben wekdalipun.
Menawi doso puniko wonten
gegayutanipun, kaliyan hak manungso atawin tonggo tepalih, tobatipun
tambah setunggal sayarat;
noninjih urusanipun kaliyan tiyang
ingkang kagungan hak, kedah
dipun pungkasi kanti
coro nyuwun pangapunten, nyuwun halalipun,
utawi ngunduraken punopo ingkang kedah dipun kunduraken.
Awit, tobat saking doso puniko wajib, pramilo
ingkang wigatos tumprap
kito injih meniko,
Kados pundi anggen
kito budi doyo, nyirnoaken
sedoyo doso-doso ingkang
sampun kulo panjenengan tindaaken. Punopo
kito namung pasrah
dumateng pepestenipun Alloh,
tanpo budi doyo
nglebur doso-doso kolo wau? Punopo
kito cancut tali wondo,
enggal –enggal budi doyo sakiyatipun,
kagem nebus doso-doso
kolo wau?
Jama’ah jum’ah rohimakumulloh
Sedoyo kolo wau
kasumanggaaken, dumateng kulo panjenengan sami piyambak-piyambak. Ananging
kito kedah emut,
bilih wonten ing
bab puniko, manungso kagungan kalih tumindah engkang
benten, inggih meniko
tumindakipun wong mu’min
lan tumindaipun wong
munafiq.
Wonten ing salah
setunggaling hadist.
المؤمن يرى ذنبه كجبل فوقه يخاف ان يقع عليه والمنا فق يرى
ذنبه كذباب مر على انفه فاطاره
“ Wong mu’min
iku nonton dosone
koyo nonton gunung
kang ono duwure, mulo
wedi yen gunung
mau mbledos ngenani
awake. Wong munafiq,
nonton dosane koyo laler
kang mabur ono ngarep
irunge, deweke nggusak
supoyo cepet sumingkir
laler mau”. (
HR. Bukhori)
Hadist meniko ceto , bilih
tiyang mu’min boten
saget ngentengaken doso-doso ingkang dipun
sandang. Doso punopo kemawaon
engkang dipun tindaaken, piyambakipun
tansah rumaos, bilih
doso ingkang katindaaken
meniko doso ingkang
ageng sanget, sinaoso
dosonipun namung doso
ingkang alit kemawon, piyambakipun rumaos
miris sanget kedawahan
beboyo awit saking
doso-dosonipun.
Ananging tiyang munafiq
nganggep enteng lan mboten menggalih dosonipun, sinaoso engkang
katindaaken puniko doso
ingkang paling ageng.
Dawuhipun Nabi SAW.
كل بنى ادم خطاء وخير خطائين التواب
“Saben manungso
mesti duwe doso, lan sabecik-becike wong kang
doso, yo iku
wong kang gelem
tobat” ( HR. Tirmidzi lan Ibnu
Majah).
Jama’ah jum’ah rohimakumulloh
Tiyang engkang mboten
kerso enggal-enggal tobat,
dipun dawuhaken dening
Nabi SAW. “halakul musawwifuun” (katiwasan
wong-wong kang ngende-ngende
tobat ).
Selaras kaliyan tiyang engkang ngendiko : ‘ Sesok-sesok wae
tobate” , tiyang kolowau bakal
nemoni katiwasan. Awit piyambaipun
nyimpen setunggal perkawis,
engkang sejatosipun perkawis
kolo wau, boten
saget sirno piyambak. Tiyang wau mboten
saget nilaraken doso
dinten puniko, nopo malih
ing dinten sanesipun. Sedoyo
kolo wau, awit saking nafsu syahwat
ingkang sampun ngawonaken piyambakipun.
Nafsu syahwat kolo
wau, ing benjingipun
boten bade nilaraken,
malah sangsoyo tambah kiyat,
awit sampun dados pakulinan. Awit
saking puniko sumonggo
kito galih lan
tansah emut, bilih
Nabi SAW. Ingkang sampun ma’sum
(kejagi saking doso) taksih kerso
nyuwun pangapunten lan tobat
dumateng Alloh. Dawuhipun Nabi SAW.
ياايهاالناس توبواالى الله فانى اتوب اليه فى اليوم مائت مرة
“ He
golongan menungso, podo tobato
siro marang Alloh,
koyo dene satemene aku (
Muhammad) tobat marang Alloh saben
dino ping satus” ( HR. Muslim)
Dawuhipun Alloh,

“Sopo kang
nglakoni kamurkan, lan nyawiyah-wiyah awake
dewe, banjur nyuwun
pangapuro marang Alloh,
deweke bakal nemoni Alloh kang Moho Pangapuro dan Moho Welas”. ( QS. Anisa; 110)
Rosululloh dawuh,
لواخطئتم حتى تبلغ خطاياكم السماء ثم تبتم لتابالله عليكم
“ Umpomo siro nglakoni
doso, nganti dosomu
tumpuk undung sundul
langit, banjur gelem
tobat, Alloh bakal
paring pangapuro marang siro
kabeh”. (HR. Ibnu
Majah)
Dawuhipun Alloh SWT.


“Lan wong-wong
kang tumindak wengis
utowo nyawiyah-wiyah awake
dewe, deweke podo
eling marang Alloh,
banjur podo njaluk
pangapuro sakabehe doso-dosone
lan sopo maneh
sing bakal paring
pangapuro saliyane Alloh?
Lan deweke pada ora nerusake tumindake
kang wengis, deweke
podo mangerteni. Deweke podo
oleh ganjaran lan
pangapuro soko pangerane lan
suwargo sing ono
jerone mili kali-kali,
deweke podo langgeng
ing jerone, koyo ngono
iku sabecik-becike ganjaran wong-wong kang ngamal”. (QS.Ali Imron 135-136)
جعل الله لى ولكم من التا ئبين وحسرنى وايا كم فى زمرة
عباده الصالحين وغفرلنا اجمعين برحمته وهوالغفورالرحيم
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ
وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ
اِلاَّ اللهُ, وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ
سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا, اَمَّا بَعْدُ ;
فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ
اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ
اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ
بِقُدْسِهِ
وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ
ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ
وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ
عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ
بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ
بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا
اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ
وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ
اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ
اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ
الدِّيْنِ.
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ
وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا
ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ
اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا
حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ
لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ
يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ
اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ
وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ
تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ
نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ
ثم السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
Silahkan baca juga >>>>:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar