(9x)اللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ
للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَّأَصِيْلاً لآإِلَهَ إِلاَّ اللهُ
وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّجُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ
وَحْدَهُ لآإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ
الدِّيْنُ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ وَلَوْ
كَرِهَ الْمُنَافِقُوْنَ. الْحَمْدُ
للهِ الَّذِيْ جَعَلَ رَمَضَانَ شَهْرُ الصِّيَامِ لِلْمُؤْمِنِيْنَ، وَجَعَلَ
عِيْدَ الْفِطْرِ ضِيَافَةً لِلصَّائِمِيْنَ، وَفَرْحَةً لِلْمُتَّقِيْنَ،
أَشْهَدُ أَنْ لآإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ
سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، صَادِقُ الْوَعْدِ
الأَمِيْن، اللهم فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ،
وَعَلىَ آلهِ وَأَصْحَابِ الْكِرَامِ، وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا كَثِيْرًا
، أَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ
اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ
الْمُتَّقُوْن
Ma’asyiral Muslimin, Jamaah Sholat ‘Ied
Rahimakumullah,
Minongko purwokaning atur monggo kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngarso dalem Allah, awit sampun
paring kanugrahan lan nikmat ingkang tanpo kawical wical, langkung langkung rohmat
kawilujengan lan yuswo panjang dateng kito sedoyo, sahinggo enjing puniko kito tasih saget menangi malih dinten riyadin `Iedul Fithri, lan saget makempal ing masjid puniko kanti tanpo manggih rubedo satunggal punopo.
Amin ya robbal alamin.
Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak soho keluargo kulo piyambak, lan panjenengan sedoyo, monggo tansah sami
sesarengan berikhtiyar netepi taqwa lan ajrih dateng
Allah
swt. ing sakdengah kawontenan, wonten ing kawontenan bingah
utawi susah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang
terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan
nebihi sedoyo cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan
dunyo ngantos akhirat saking ngarsodalem Allah Subhanahu wa Ta’ala , Kados
dawuhipun Allah :
"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada
taqwo lan wong wong kang pada agawe becik” . (QS. An Nahl :128).
Ma’asyiral Muslimin, Jamaah Sholat ‘Ied
Rahimakumullah,
Duka ingkang kaping
pinten, enjang punika kita saged nglampahi `Iedul Fithri. `Iedul Fithri bade tansah kedadosan malih
saben tahun, milo mesti wonten hikmah utawi piwucal ingkang saged kita pendhet
saking mriku. Piwucal ingkang saged kito pendet kanthi cepet inggih
puniko piwucal supados kito wangsul dateng fithroh kito minongko manungso,
wangsul dateng asal mula bukanipun manungsa, sinten sejatinipun lan kangge napa
wontenipun.
Ingkang kawitan,
fithrahipun manungsa punika makhluk ingkang dipun damel dening Gusti Allah.
Mboten jalaran kita ingkang kepengin lajeng kita wujud. Ugi mboten jalaran
kepenginipun bapak ibu. Nyatanipun, mboten saking kawitan kita ngertos bilih
kita punika manungsa. Tunggu ngantos paling mboten pitung tahun kita nembe
ngertos bilih kita punika manungsa.
Nyatanipun, kathah
lare ingkang lahiripun mboten dipun kepengini bapak ibunipun, nembe lahir
lajeng dipun bucal, utawi dipun tilar, utawi malah awit taksih wonten lebet
wetengan, tiyang sepuhipun sampun ngupayaaken sak sagedipun bade ngguguraken.
Sewangsulipun, kathah tiyang sepuh ingkang ngotot sanget supados gadhah anak
ingkang mangkenipun bade dados manungsa, nyatanipun malah mboten kasil.
Dados, sepisan
malih, ingkang kawitan kedah dipun sadari, manungsa, kita sedaya nggih
manungsa, punika makhluk, dipun damel, dipun ciptaaken.
Ma’asyiral Muslimin, Jamaah Sholat ‘Ied
Rahimakumullah,
Wonten ingkang
dipun damel mesthine wonten ingkang ndamel. Wonten makhluk mesthi wonten Khaliq.
Al-Khaliq nyiptaaken manungsa mesthi mboten namung iseng utawi dolanan tanpa
hikmah lan tanpa tujuan. Wonten surah Al-Mu`minun 115 Allah Ta`ala ngendika :
“Terus, apa kowe kabeh ngira menawa
Ingsun nyiptaaken kowe kabeh mung nggo dolanan thok? Lan menawa kowe kabeh ora
arep dibalekake maring Panjenengan Ingsun?” (Al-Mu`minun 115)
Mesthi mawon mboten
nggih? Lajeng tujuan dipun damelipun manungsa punika kanthi cetha dipun
ngendikaaken Gusti Allah wonten surat Adz-Dzariyat 56 :
“Lan Ingsun ora
nyiptaaken jin lan manungsa kejaba supaya jin lan manungsa mau pada ngawula
bekti maring Panjenengan Ingsun.” (Adz-Dzariyat 56).
Dados, sak
sampunipun kita, para manungsa ngaku minangka makhluk, kita mboten kenging nglirwaaken
tujuan kita diciptaaken, nggih punika ngawula bekti, ngibadah. Manungsa ingkang
mboten purun ngawula bekti dateng Gusti Allah ingkang sampun ndamel piyambake,
berarti mboten ngertos utawi mboten nyadari fithrahipun.
Amargi kathah
tiyang ingkang kados mekaten, mila Gusti ingkang Maha Mirah lan Welas Asih
kanthi ajeg lan teras-terasan maringi pepeling supados manungsa mboten kebablasen
mboten ngertos lan mboten sadar. Pepeling kala wau nggih `Iedul Fithri punika.
Ma’asyiral Muslimin, Jamaah Sholat ‘Ied
Rahimakumullah,
Arti ngawula bekti
punika ndadosaken awak kota dados kawulanipun gusti ingkang dipun kawulani.
Gusti ingkang dipun kawulani mboten sanes nggih Gusti Allah SWT. Ngawula dateng
Gusti Allah mboten cekap namung ngaken dados kawulanipuin thok. Ngawula punika
kedah purun tansah nglampahi dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Tiyang ingkang
sampun saged kados mekaten kawastanan “muttaqien” wong kang takwa. Lan
menikalah tujuan kita didhawuhi siyam kados ingkang nembe kita lampahi. Tujuan
punika, Insya Allah, mboten mustahil saged dipun kasilaken sinten kemawon angger
nalika siyam tiyang wau buka lan sauripun ingkang halal lan mboten nate
ngendikan ingkang awon lan mboten nglampahi ingkang mboten sae. Timbang
ngendikan ingkang awon langkung sae mendel lan timbang nglampahi ingkang mboten
sae langkung sae tilem.
Kewajiban ngawula
dateng Allah keraos sanget pribadi, kangge piyambak thok. Ing mangka manungsa
punika makhluk ingkang langkung remen gesang sesarengan Mila mesthi
wonten kewajiban sanes ingkang murakabi dateng masyarakat. Punapa niku?
Nalika Gusti Allah bade nyiptaaken
manungsa, Wonten surah Al-Baqoroh 30 Allah Ta`ala ngendika :
“ Elingo arikalane Pengeranmu
dawuh marang poro
malaikat; Sak temene, ingsun
bakal ndadeake khalifah ono nduwur bumi iki,
banjur malaikat podo ngucap; Kenopo Gusti Panjenengan kepingin ndadeaken khalifah ana nduwur bumi, tiyang
kolowau bakal gawe kerusaan ing
njerone lan bakal
podo numpahno getih,
Ingmongko kito (poro
malaikat) tansah maos tasbih
kanti ngluhuraken
penjenengan lan tansah nyuciaken
panjenengan? Pengeran dawuh;
Saktemene ingsun ngaweruhi
opo-opo sing ora
siro weruhi ” (Al-Baqoroh 30)
Khalifah tegesipun
ingkang nggantosi, ingkang makili. Dados manungsa dipun damel Gusti Allah
minangka wakilipun Gusti wonten sak lumahing bumi punika. Lan kewajiban pokok
minangka khalifah punika nyebaraken rahmat lan asih, ngrataaken keadilan
lan mujudaken raos aman dateng sedayanipun. Mila, saestunipun, sedaya tiyang
kedah ikhtiyar lan sak mangke wohing ikhtiyar ugi dipun unduh piyambak.
Nderek pangandikanipun Imam Abu Ishaq asy-Syirozi , ingkang langsung
diparingi Rasullah saw liwat impenipun :
“Sapa wonge kepengin slamet kudu gelem
nggoleki slamete wong liya.”
Dados, sinten
kemawon ingkang kepengin wilujeng , mboten kenging nglampahi perkawis ingkang
saged damel mboten slametipun tiyang sanes, damel ruginipun tiyang sanes. Saged
dipun terasaaken, sinten kepengin wontenipun keadilan mboten kenging mboten
adil. Sinten kepengin aman mboten kenging damel mboten amanipun tiyang
sanes.
Ma’asyiral Muslimin, Jamaah Sholat ‘Ied
Rahimakumullah,
Wosipun, `Iedul
Fithri ngajak kita sedaya wangsul nyadari kita minangka makhluk lan
manungsa, ingkang kedah ngawula bekti lan dados khalifah Allah wonten ngalam
dunya punika. Mangga kita upayakaken sesarengan.
Insya Allah kanthi makaten manungsa enggal saged wangsul dateng margi
ingkang leres, nyingkiri perkawis ingkang boten sae lan sumonggo kita nyuwun
wonten ngarso dalem Allah SWT mugi-mugi gesang kita dipun jembaraken dening
Allah SWT saget ngamalaken tuntunan agami kanthi sak sae-saenipun, mugi-mugi
gesang kita manfaat maslahat fid dunya wal akhirah.
جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ
اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ وَاْلمَقْبُوْلِيْنَ وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ
فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ
فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
الله أكبر ×٧ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ
كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَّأَصِيْلاً لآإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ
أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. اللَّهُمَّ لَكَ الْحَمْدُ كُلُّهُ وَلَكَ الشُّكْرُ
كُلُّهُ وَإِلَيْكَ يَرْجِعُ اْلأَمْرُ كُلُّهُ عَلاَ نِيتُهُ وَسِرُّهُ، فَأَهْلٌ
أَنْتَ أَنْ تُحْمَدَ، وَأَهْلٌ أَنْتَ أَنْ تُعْبَدَ، وَأَنْتَ عَليَ كُلِّ
شَيْئٍ قَدِيْرٌ. اللهم لَكَ الْحَمْدُ حَتَّي تَرْضَي، وَلَكَ الْحَمْدُ إِذاَ
رَضِيْتَ وَلَكَ الْحَمْدُ بَعْدَ الرِّضاَ. أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إِلَى رِضْواَنِهِ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِناَ وَشَفِيْعِناَ
وَمَوْلاَناَ مُحَمَّدٍ وَعَلىَ آلِهِ وَأَصْحاَبِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً
كَثِيْرًا. أَمَّا
بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوااللهَ فِيْماَ أَمَرَ وَانْتَهَوْا
فِيْماَ نَهَى وَزَجَرَ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ الله أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ
فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ بِقَوْلِهِ عَزَّ مِنْ قَائِل: إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاَأيُّهَا الَّذِيْنَ
آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى أَنْبِيَائِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلَائِكَتِكَ الْمُقَرَّبِيْنَ، وَارْضَ
اَللَّهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الْمَهْدِيِّيْنَ: أَبِيْ بَكْرٍ
وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيُّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ
وَتَابِعِى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ
عَناَّ مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ ياَ أَرْحَمَ الراَّحِمِيْنَ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ
وَالْمُؤْمِناَتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِماَتِ اْلأَحْياَءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْواَتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَواَتِ ياَ قاَضِيَ
الْحاَجاَتِ
اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ
وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أعْدَاءَ الدِّينِ وَاجْعَلْ
دَائِرَةَ السُّوْءِ عَلَيْهِمْ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ
اللَّهُمَّ إِنّا نَسْأَلُكَ الْعَافِيَةَ فِي
الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ اللَّهُمَّ إِنِّا نَسْأَلُكَ الْعَفْوَ وَالْعَافِيَةَ
فِي دِينِنا وَدُنْيَاناَ وَأَهْلِنا وَمَالِنا اللَّهُمَّ اسْتُرْ عَوْراَتِنا
وَآمِنْ رَوْعَاتِنا اللَّهُمَّ احْفَظْنَا مِنْ بَيْنِ أيْدِيناَ وَمِنْ خَلْفِنا
وَعَنْ يَمِينِنَا وَعَنْ شِمَالِنا وَمِنْ فَوْقِنا ونَعُوذُ بِعَظَمَتِكَ أَنْ
نُغْتَالَ مِنْ تَحْتِنا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي
الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلِّ اَللَّهُمَّ عَلَى عَبْدِكَ
وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ
وَالْحَمْدُ ِللهِ رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهُ إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ
بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى الْقُربَى وَيَنْهَى عَنِ
الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ
فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ
يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اكْبَرُ
السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ
وَبَرَكَاتُهُ
Silahkan baca juga >>>>:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar