اللهُ
أكْبَرُ × 9 اللهُ أَكْبَرُ كَبِيرًا وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيرًا وَسُبْحَانَ
اللَّهِ بُكْرَةً وَأَصِيلاً، لاَ إِلَهَ إِلاًّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ
إِيَّاهُ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُونَ، لاَ إِلَهَ
إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ
وَحْدَهُ، لاَ إِلَهَ إِلاًّ اللهُ اللهُ أكْبَرُ، الله أكبر وَللهِ
الْحَمْدُ.لْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَلَهُ نُصَلِّى وَنَسْجُدُ
وَإِلَيْهِ نَسْعَى وَنَحْفِدُ، نَرْجُوْ رَحْمَتَهُ وَنَخْشَى عَذَابَهُ إِنَّ
عَذَابَهُ الْجِدَّ بِالْكُفَّارِ مُلْحَقٌ. أَشْهَدُ أن لاَّ إِلَهَ إِلاًّ اللهُ
وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وأَشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اللهم صَلِّ وسَلِّمْ عَلَى سيدنا محمد وَعَلىَ آلِهِ وَأصْحَابِهِ وَمَنْ
وَالاَهُ.أما بعد، أيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ وَاخْشَوْا يَوْمًا لاَ
يَجْزِي وَالِدٌ عَنْ وَلَدِهِ وَلاَ مَوْلُودٌ هُوَ جَازٍ عَنْ وَالِدِهِ شَيْئًا
إِنَّ وَعْدَ اللهِ حَقٌّ فَلاَ تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا وَلاَ
يَغُرَّنَّكُمْ بِاللهِ الْغَرُورُ
Hadirin Jama’ah
Idul Adha ingkang dimuliaken Allah,
Wonten enjing
ingkang kebak berkah lan rahmat meniko, kita kempal menika keranten
jumenengaken shalat ‘Idul Adha. Nembe mawon kita ruku’ lan sujud minangka wujud
taat kita dateng Allah SWT. Kita agungaken asma Allah, kita kumandangaken
takbir lan tahmid wonten ing musholla-musholla lan masjid-masjid. Takbir
ingkang kita ucapaken boten namung obahe lambe tanpo arti. Ananing minangka
pengakuan ingdalem hati, ingkang saget gumeteraken dateng manah tiyang ingkang
sami iman dateng Allah SWT. Allah Maha Besar. Allah Maha Agung. Boten wonten
ingkang patut di sembah sak lintunipun Allah.
Pramilo, lewat
mimbar menika kula ngajak dateng diri kula piyambak lan ugi dateng hadirin
sekalian: Mangga kita sujud wonten ngarso dalem Allah Kang Maha Agung. Kita
bucal tebih-tebih raos gumedhe lan sombong ingkang saget nebihaken kita saking
rahmatipun Allah SWT. Nopo kemawon jabatan kita, menawi dipun bandingken kalian
Allah SWT kita menika alit tur sanget. Senahoso kita meniko gagah prakosa, kita
meniko lemah, ringkih menawi dipun bandingaken kalian Allah Kang Maha Kuat.
Menawi kita meniko tiyang ingkang berkuasa, gadah jabatan nginggil, gadah
pengaruh ageng, ananging menawi dipun bandingaken dateng Allah Kang Maha Kuwaos
kita menika boten saget nopo-nopo
Hadirin Jama’ah
Idul Adha ingkang dimuliaken Allah,
Idul Adha
ingkang kita rayaaken saben tanggal 10 Dzulhijjah ugi dikenal kanti sebutan
“Hari Raya Haji”, sebab kaum muslimin ingkang nindaaken haji nembe nglampahi
rukun haji ingkang utami, inggih meniko wukuf wonten arafah. Sedaya ngagem
pakaian serba putih lan boten jahitan, ingkang disebat pakaian ihram,
nglambangaken persamaan akidah lan pandangan hidup, anggadahi tatanan nilai
inggil, inggih meniko nilai persamaan dalam segala segi bidang kehidupan. Boten
saget dibentenaken, sedaya ngrumahosi sederajat. Sama-sama mendekatkan diri
kepada Allah Yang Maha Perkasa, kanti sareng-sareng mahos kalimat talbiyah.
لَبَّيْكَ
اللّهُمَّ لَبَّيْكَ لَبَّيْكَ لاَ شَرِيْكَ لَكَ
Kejawi dipun
wastani hari raya haji, ugi diwastani “Idul Qurban”, keranten Idul Adha
merupakan hari raya yang menekankan pada arti berkorban. Arti Qurban inggih
meniko paring peparingan minangka raos remen lan demen dateng tiyang sanes,
senahoso kedah menderita. Tiang sanes wau saget putranipun, tiang sepahipun,
keluarganipun, lan sedaya sesami tiang Islam sebangsa se tanah air. Wonten
malih pengorbanan ingkang ditujuaken dateng agami ingkang ateges untuk Allah
SWT lan menikolah pengorbanan ingkang inggil drajatipun. Kados ingkang sampun
dipun tuladhaaken deneng kanjeng Nabi Ibrahim AS.
Hadirin sidang
sholat Idul Adha ingkang dipun muliaaken Allah
Enjing meniko
sedaya umat Islam sak ngalam donya sami ngagungaken asmanipun Allah, sedaya
sami ngetingalaken kebahagiaanipun, jaler estri sepuh anem sedaya medal saperlu
bade jumenengaken shalat Idul Adha, utawi idul qurban. Peristiwa mekaten menika
ngemutaken dateng kita sedaya supados neladani perjuanganipun Kanjeng Nabi Ibrahim
alaihis salam ingkang sampun dipun serat wonten Al-Qur'an. Sejarah rasul
ingkang jejuluk kekasih Allah (Kholilullah) niki , diserat damel tinta emas
wonten buku-buku sejarah. Sikap tabah lan teguhipun ingdalem nglampahi perintah
Allah, andadosaken Nabi Ibrahim sebagai panutan umat sepanjang zaman.
Dawuhipun Gusti
Allah SWT wonten Al-Qur'an :
قَدْ
كَانَتْ لَكُمْ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ فِي إِبْرَاهِيمَ وَالَّذِينَ مَعَهُ
“Sak temene wus
ana suri tauladan kang apik kanggo sliramu ing dalem pribadine Ibrahim lan wong-wong
kang bareng-bareng melu Ibrahim“ (QS. Al-Mumtahanah : 4)
Wonten ing ayat
lintu ugi dipun sebataken bilih Nabi Ibrahim meniko dadi sebutan apik utawa
kembang lambe nganti akhir zaman.
وَتَرَكْنَا
عَلَيْهِ فِي الْآخِرِينَ
“Ingsun
abadiaken kangge Ibrahim iku (pujian kang apik) ingdalem kalangane wong-wong
kang keri.“ (QS. As-Shofat : 108)
Ing dalem ayat
kalih menika, cetha sanget yen sak temene Gusti Allah sangat mulyaaken dateng
Nabi Ibrahim, sahingga Nabi Ibrahim lah ingkang dijuluki bapake para Nabi, ugi
bapake umatipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Wonten punapa kok Gusti Allah
ngantos semanten agenge anggenipun mulyaaken Kanjeng Nabi Ibrahim ? Nopo
keranten Banda? Keturunan ? kekuatan ? utawi keperkasaan ? Ah, ternyata sanes.
Nabi Ibrahim dikenang hingga akhir zaman sebab keteguhanipun gondheli amanah
Allah, lan keikhlasanipun ngorbanaken sedaya nopo kemawon demi Allah SWT.
Hadirin jamaah
Idul Adha rahimakumullah
Sejarah hidup
Nabi Ibrahim adalah sejarah manusia ingkang sukses ingdalem nglampahi
pagesangan, senajan wiwit nol. Sukses berdakwah nalika kawontenan susah lan
sukses menjaga amanah nalika sampun badhe ngrahosaken hasil dakwahipun.
Nabi Ibrahim
nalikane dakwah nemahi rintangan ingkang amrat, panjenganipun ngadepi mengsah
ingkang kiat inggih menika penguasa ingkang dzalim. Panjenangipun kedah
nglampahi hukuman ingkang boten enteng, lan boten mungkin saget slamet, menawi
boten angsal izinipun Allah SWT.
Setia anjagi
garwanipun ingkang nembe ngandut putranipun. Ngrencangi estrinipun ngantos
dumugi daerah ingkang tebih sanget. Keranten sedaya menika anderek dhawuhipun
Gusti Allah swt., senahoso mekaten panjenenganipun taksih tetap berdakwah
menyerukan ummatipun supados tetep wonten margi ingkang leres lan diridloi
Allah swt.
Hadirin rahimakumullah,….
Cobaan kados
mekaten meniko dereng sepintenipun menggahipun kanjeng Nabi Ibrahim. Cobaan
ingkang langkung amrat tumprapipun Nabi Ibrfahim inggih menika, naliko
nglampahi printahipun Allah kedah ngorbanaken putra ingkang paling dipun
sayangi, nggih Ismail. Ismail kedah dikorbankan kepada Allah kanthi dipun
sembelih. Kerelaan Nabi Ibrahim menyembelih puteranipun menikalah ingkang terus
kita peringati ngantos sak mangke wonten ing wulan Idul Adha.
Hadirin jamaah
Idul Adha ingkang dirahmati Allah
Wonten zaman sak
meniko, pengorbanan Nabi Ibrahim kasebat kedah tetep kita apresiasiken, kita
wujudaken. Baik dalam bentuk ubudiyah mahdoh kanthi nglampahi ibadah haji kagem
ingkang sampun mampu, sarta berkurban hewan ternak kagem tiang Islam ingkang
kagungan kecukupan bondo kagem qorbanKejawi menika kita ugi tetep kedah terus
menerus menginterpretasikan kisah keteguhan, ketaatan lan katabahan Nabi
Ibrahim kasebat wonten zaman kita gesang menika. Ketabahan Nabi Ibrahim untuk
merelakan puteranya saget kita wujudaken wonten kerelaan kita berbagi
kebahagiaan kalian para tetanggi, lingkungan lan sederek-sederek umat Islam
lintunipun. Kados tiang-tiang Islam sederek kita ingkang sak menika nindakaken
ibadah haji ugi nglaksanaaken nyembelih hewan kurban.
Kanthi keterangan
menika sampun cetha, bilih syari'atipun Allah ingkang sampun kalampahan awit
zaman Nabi Ibrahim menika anggadhahi manfaat ingkang kathah sanget kagem umat
manusia seluruh dunia. Manfaat segi ekonomi, sosial utawi kebudayaan.
Tiang-tiang ingkang nglampahi ibadah haji wonten tanah suci terlibat secara
universal kalian umat Islam sak donya, malah kalian umat-umat non Muslim.
Sedaya ingkang dipun karuniai kesempatan berhaji minangkani duta umat Islam
saking seluruh pelosok dunia. Sedaya ngetingalaken dateng umat sanes rasa
persatuan lan persaudaraan, senahoso dateng umat sanes non muslim. Kagem kita
ingkang dereng dipun paringi kesempatan Allah nindakaken ibadah haji dateng
tanah suci Makkah wonten tahun menika, ugi gadah tugas menyampaikan pesan
persaudaraan lan persatuan, yakni kanthi ambagi kesenengan lan kebahagiaan
dateng tiang-tiang ingkang kawontenanipun taksih gesang kanthi serba
kekurangan.
Firman Allah SWT
:
لَنْ
يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَٰكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَىٰ
مِنْكُمْ ۚ كَذَٰلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللَّهَ عَلَىٰ مَا
هَدَاكُمْ ۗ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِينَ
“Daging-daging
unta dan darahnya itu sekali-kali tidak dapat mencapai (keridhaan) Allah,
tetapi ketakwaan dari kamulah yang dapat mencapainya. Demikianlah Allah Telah
menundukkannya untuk kamu supaya kamu mengagungkan Allah terhadap hidayah-Nya
kepada kamu. dan berilah kabar gembira kepada orang-orang yang berbuat baik”.
(Al-Hajj: 37)
Pesan rohani
wonten ayat menika inggih menika, supados kita langkung aktif lan
bertanggungjawab dadosaken lingkungan ingkang penuh persaudaraan lan gesang
kanthi kasih sayang terhadap sesami.
Hadirin Jamaah
Idul Adha Rahimakumullah
Kecintaan lan
ketaatan menika kalih perkawis ingkang boten saget dipun pisah. Imam
Al-Baidhawi ngendika : "Cinta inggih menika kepinginan nglampahi
taat", Lajeng Syekh al-Zujaj ugi ngendikan : "Cinta manusia dateng
Allah lan Rasul-ipun inggih menika mentaati perintah-perintahipun lan ridha
dateng sedaya perintah Allah lan ajaran ingkang dipun asto Rasulullah"
Artosipun, kecintaan lan ketaatan dateng Allah boten mungkin diwujudaken tanpa
pengorbanan. Dados, boten wonten cinta tanpa ketaatan, lan boten wonten taat
tanpa pengorbanan. Menikalah pesan Agung ingkang saget kita serap saking kisah
perintah Penyembelihan Ismail, sang putera Ibrahim AS.
Pramila, menawi
kita ngaku mencintai Allah lan Rasulullah serta mengikuti ajaran-ajaran Islam,
temtu kita boten badhe nyia-nyiaaken kesempatan Idul Adha menika namung kagem
seneng-seneng piyambakan. Sebab Allah mrintahaken dateng kita berbagi karunia
lan kesyukuran wonten dinten riyadin menika. Kados ingkang sampun dipun
contoaken deneng para Nabi lan para Ulama.
Mugi2 wonten ing
dinten riyadin ingkang agung menika kita saget sareng-sareng menikmati karunia
Allah kanthi suka cita lan rasa kasih sayang sebagai wujud syukur kita dateng
Allah. Ugi para tetanggi mugi2 saget nderek ngraosaken kebahagiaan kita ing
margi ingkang dipun ridloni deneng Allah SWT.
Mugi2 Allah
ngampuni sedaya dosa-dosa kita lan nglimpahaken sedaya kasih sayangipun dateng
kita sedaya, sahingga sedaya hajat kita dicukupi deneng Allah, supados kita
saget mengabdi lan beribadah dateng Allah kanthi langkung sempurna. Amin
Allahumma Amin
أعُوْذُ
بِاللهِ مِنَ الشَّيْطنِ الرَّجِيْمِ . بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ
قُلْ
صَدَقَ اللَّهُ ۗ فَاتَّبِعُوا مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا وَمَا كَانَ مِنَ
الْمُشْرِكِينَ
إِنَّ
أَوَّلَ بَيْتٍ وُضِعَ لِلنَّاسِ لَلَّذِي بِبَكَّةَ مُبَارَكًا وَهُدًى
لِلْعَالَمِينَ
فِيهِ
آيَاتٌ بَيِّنَاتٌ مَقَامُ إِبْرَاهِيمَ ۖ وَمَنْ دَخَلَهُ كَانَ آمِنًا ۗ
وَلِلَّهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ إِلَيْهِ سَبِيلًا ۚ
وَمَنْ كَفَرَ فَإِنَّ اللَّهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِينَ
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ
الْعَظِيْمِ ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ
وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ فاستغفروا الله العظيم
إنه هو الغفور الرحيم
KHUTBAH KEDUA:
اللهُ
اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (4×) اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ
كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ
وَاللهُ وَ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُاَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ
اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ
اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ
اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ
وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَِثيْرًااَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ
اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَىوَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ
اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ
بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ
النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا
تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ
وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ
وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ
الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ
الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ
اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ
الرَّاحِمِيْنَاَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ
وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ
اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ
وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ
مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ
اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ
وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا
وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ
اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا
لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا
بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ
وَاْلمُنْكَرِِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ
اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ
اللهِ اَكْبَرْ
Silahkan baca juga >>>>:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar